Pracaya lan Panggawe

Renungan

Pracaya lan Panggawe

  • 27 Oktober 2026
  • 06:00 WIB
  • Hesty Murwasari

Selasa, 27 Oktober 2026
Yakobus 2:17
_“Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni panggawe, iku sajatine mati”_

PRACAYA LAN PANGGAWE

Saben tembung ingkang dipun lesananken punika mbetahaken bukti supados nyata menawi ingkang dipun ucapaken punika saestu leres. Tiyang ingkang ngaken menawi piyambakipun saged ngelmu kanuragan, temtu kedah wonten buktinipun. Lare sekolah ingkang nelakaken bilih dhirinipun sampun mangertos kaliyan piwucal ingkang katampi, kedah dipun buktekaken nalika wonten ulangan. Sami kadosdene tiyang ingkang ngaken bilih piyambakipun pitados dhateng Gusti, bab punika inggih kedah dipun buktekake. Lajeng punapa ingkang saged dados bukti? Buktinipun, bilih tiyang punika saged nyatakaken kapitadosanipun punika wonten ing gesang padintenanipun.

Yakobus 2: 14-26 cetha sanget nelakaken bilih kapitadosan lan pandamel mboten saged dipun pisahaken. Kapitadosan tanpa pandamel punika kothong, mekaten ugi pandamel tanpa linambaran kapitadosan punika kadosdene waton anggenipun nindakaken pandamel. Nalika satunggaling tiyang nelakaken bilih piyambakipun tiyang pitados, punika kedah wonten buktinipun ingkang katingal saking pandamel lan tata gesangipun. Makaten ugi tiyang ingkang nindakaken pandamel kedah linambaran pitados, supados anggenipun nindakaken pandamel punika saestu binerkahan lan migunani tumrap sesami.

Sepinten wigatosipun tata gesang ingkang linambaran kapitadosan tumrap ingkang ngakeni dhirinipun minangka tiyang pitados? Gesang kita nggambaraken punapa isining manah kita. Kados pundi anggen kita mbangun pasrawungan, anggen kita ngadhepi prekawis ingkang wonten, sedaya punika dados pratandha punapa kita saestu sampun ngestokaken ing dhawuhipun Gusti Allah. Kapitadosan punika sanes perangan ingkang kedah kapendhem ing salebeting batos ngantos boten wonten ingkang nguningani. Kapitadosan kita nyatakaken minangka paseksi, minangka cara kita ngiyataken dhiri pribadi bilih kita pitados saestu dhateng Gusti. Tanpa paseksi nyata, tiyang pitados namung gesang kangge dhirinipun piyambak. Srana pandamel ingkang nyata, kita ugi andum gesang dhateng sesami kita. Amin.

# Renungan Sabda Winedhar Sinode GKJ

Kategori:
Hesty Murwasari
Tentang Penulis

Hesty Murwasari

Tim Pelayanan Firman & Warta GKJ Rewulu

GKJ Rewulu

Tuhan Yesus Memberkati Kita Semua

Bagikan Berkat

Bagikan artikel ini kepada keluarga & sahabat

Komentar

0 Komentar

Tulis Komentar

Belum Ada Komentar

Jadilah yang pertama memberikan komentar.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Artikel Terkait