NGASORAKEN DHIRI

Renungan

NGASORAKEN DHIRI

  • 12 Oktober 2026
  • 19:43 WIB
  • Admin

Jumat, 9 Oktober 2026

Yakobus 4:10

“Asorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe”

NGASORAKEN DHIRI

Kita tamtu sarujuk kaliyan pamanggih bilih gumunggung punika sipat ingkang boten prayogi. Nalika satunggaling tiyang gadhah sikep gumunggung, tiyang punika badhe dipun tebihi kaliyan rencangipun. Sikep gumunggung punika boten prayogi amargi gumunggung punika sengaja ngagul-agulaken dhirinipun lan ngasoraken tiyang sanes ingkang boten sami kaliyan piyambakipun. Satemah perkawis punika ndadosaken pasrawungan karaos boten sekeca. Emanipun, wonten kemawon manungsa ingkang taksih remen tumindak kados mekaten namung kangge mbujeng kemaremanipun piyambak.

Serat Yakobus 4:10 kanthi cetha paring piwucal bab wigatosipun sikep lan tumindak ngasoraken dhiri. Kenging punapa tiyang ingkang ngasoraken dhiri punika badhe kaluhuraken dening Allah? Awit tiyang ingkang kanthi sadhar ngasoraken dhiri punika boten nggadahi pepenginan kangge ngasoraken tiyang sanes. Tiyang ingkang purun ngasoraken dhiri punika ugi boten gadah pepenginan kangge ngagul-agulaken dhirinipun. Kajawi punika, ngasoraken dhiri punika minangka wujud pakurmatan kita dumateng dhateng tiyang sanes. Kita sinau kangge ngajeni tiyang sanes wonten ing kawontenan ingkang asor punika.

Saking lelampahan punika kita saged ngugemi bilih “menang tanpa ngasorake” panci saged kalampahan kanthi prayogi ing gesang kita. Ingkang menang punika sanes ingkang unggul piyambak lan saged ngawonaken tiyang sanes. Ananging ingkang menang punika tiyang ingkang saestu pinunjulananging ngasoraken dhiri supados tiyang sanes boten rumaos asor lan lingsem. Kanthi mekaten badhe saged mitulungi tiyang sanes ingkang mbetahaken pitulungan. Mugi tinebihna sikep gumunggung punika saking gesang kita. Amin.

# Renungan Sabda Winedhar Sinode GKJ

Kategori:
GKJ Rewulu

Tuhan Yesus Memberkati Kita Semua

Bagikan Berkat

Bagikan artikel ini kepada keluarga & sahabat

Komentar

0 Komentar

Tulis Komentar

Belum Ada Komentar

Jadilah yang pertama memberikan komentar.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Artikel Terkait