Info Ibadah
Deskripsi:
Nalika kita nindakaken aktivitas saking griya wonten ing wekdal pandemi punika, konsentrasi ingkang dipunbetahaken langkung inggil awit godhanipun ugi langkung kathah. Raos nyaman anggenipun leyeh-leyeh, dolanan HP, nyambi kegiatan sanesipun dados godha kagem kita. Dipunbetahaken konsentrasi lan fokus ingkang ageng satemah saestu kita saged nindakaken tanggel jawab kita kanthi sae. Menawi mboten konsentrasi utawi mboten fokus, padamelan ingkang kita tindakaken mboten rampung-rampung utawi mbok bilih saged rampung ananging kasilipun mboten maksimal.
Lumantar pangandikanipun Gusti wonten ing Mateus 14: 22 – 33, dinten punika kita dipunemutaken supados saged fokus anggenipun nglampahi gesang peparingipun Gusti kanthi jejer “Mitadosi Rancanganipun Gusti”. Saksampunipun tiyang kathah sami tuwug awit mukjijat gangsal roti lan kalih ulam, Gusti Yesus dhawuh dhateng para sakabat supados nirih prau lan dhawuh dhateng tiyang kathah supados sami wangsul. Gusti Yesus lajeng ndedonga piyambakan wonten ing gunung. Wonten ing seganten, praunipun para sakabat montang-manting katempuh ing ombak awit anginipun nampek. Kawontenan punika mboten ndadosaken para sakabat kaget awit sampun pengalaman dados nelayan sakderengenipun ndherek Gusti Yesus. Tabuh tiga dalu Gusti Yesus tindak nusul para sakabat kanthi tindak ing nginggil toya. Ananging para sakabat ingkang ningali sami ajrih lan jerit-jerit, dipunwastani wonten memedi (Ay. 26). Ajrihipun nglangkungi raos ajrih awit wontenipun angin ageng ingkang montang-mantingaken prau. Rawuhipun Gusti ingkang tindak napak seganten punika ugi ndamel Petrus kepingin bukti menawi ingkang rawuh punika saestu Gusti Yesus. “Gusti menawi saestu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyan lumampah ing nginggil toya.” (Ay. 28).
Nalika ngandelaken Gusti Yesus, fokus dhumateng pangandikanipun Gusti, Petrus saged mlampah ing nggiling toya, sinaosa taksih wonten angin. Ananging nalika fokusipun sampun geser, mboten ngener malih dhateng pangandikanipun Gusti Yesus, langkung fokus kaliyan angin, Petrus lajeng ajrih tumunten badhe kerem. Petrus enget lan nyuwun pitulungan dhateng Gusti Yesus, lajeng nampi pitulungan. Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?” (Ay. 31). Cupet ing pangandel utawi kirang pitados, ndamel Petrus ambles ing seganten.
Mekatena ugi anggen kita nglampahi gesang peparingipun Gusti, mbetahaken fokus lan konsentrasi bilih Gusti punika Allah ingkang Maha Tresna lan kagungan rancangan ingkang endah tumrap kita sedaya. Menawi bab punika sampun dados fokus gesang, langkung entheng anggen kita nglampahi gesang. Ananging kasunyatanipun perkawis lan momotan gesang ingkang kita adhepi asring ndamel fokus gesang kita blawur lan ndadosaken kita ngraosaken was sumelang, ajrih.
Kadangkala kita ugi kadosdene Petrus. Kita mangu-mangu, cupet ing pangandel, mboten pitados kaliyan berkah pitulunganipun Gusti. Nalika rancanganipun Gusti mboten sami kaliyan pamanggih kita, kita ngraosaken ajrih, sumelang, sedhih, lan kuciwa. Asring kita punika mboten sabar ngrantos proses ingkang kedah kita lampahi, kepara kita ugi sampun nate ngantos nggadhahi pamanggih menawi Gusti mboten tresna dhateng kita.
Gusti Allah punika sanyata sae. Panjenenganipun mboten namung milujengaken kita, ananging ugi sampun ngrancang pagesangan ingkang kebak ing pangajeng-ajeng bab tentrem rahayu. Gusti Allah sampun kagungan rancangan ingkang endah tumrap gesang kita, sinaosa kadang kala wonten ing pamanggih kita, rancangan Gusti punika mokal, kados dene Petrus ingkang mlampah ing nggiling toya. Ingkang perlu kita lampahi kanthi tekun inggih punika tansah pitados dhateng rancanganipun Gusti Allah. Sumangga kita ngadhepi gesang punika sesarengan kaliyan Gusti Allah lan sampun ngantos momotaning gesang damel kita mboten fokus malih dhumateng Gusti, sampun ngantos kita cupet ing pangandel bilih Gusti kagungan rancangan tentrem rahayu tumrap kita. Fokusipun sanes kapan kaprihatosan punika sirna, ananging fokusipun inggih punika Astanipun Gusti tansah nuntun lan njangkung, paring kakiyatan satemah kita saged setya mitadosi rancanganipun Gusti ingkang endah tumrap gesang kita. Amin.