6 September 2020 – Patunggilan Katresnan Pinangka Wohing Pangibadah

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 6 September 2020
Pelayan Firman Pdt. Hesty Murwasari, S.Th
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

DOWNLOAD PDF : Tata Pangibadah Brayat 6 September 2020

Minggu punika kita sampun lumebet ing wulan September. Déning sinode GKJ, wulan September katetepaken minangka Wulan Katekésé Liturgi, kita sesarengan kabereg ngraosaken lan nggatosaken pangibadah ingkang kita tindakaken. Lumantar jejering pangibadah Minggu punika “Patunggilan Katresnan Pinangka Wohing Pangibadah” kita dipuntimbali ngraosaken pakaryan kawilujengan saha katresnanipun Gusti ingkang dados talesing pangibadah.

Pangibadah utawi “kebaktian” sejatosipun mboten namung awujud rerangkening pepujian, pandonga, saha pamedharing sabda, ananging nggadhahi pangertosan langkung lebet malih, inggih punika satunggaling pepanggihan ing antawisipun umat kaliyan Gusti Allah. Tegesipun pangibadah mboten winates pangibadah Minggu kemawon, ananging ugi wujuding bekti ing saben dintenipun. Pepanggihan ingkang kedhahipun ngasilaken wohing pangertosan saha krenteg mbangun gesang sesarengan atetales katresnan minangka gegelitaning sariranipun Sang Kristus. Pasamuwan kabereg nelakaken dhiri dados patunggilan adhedhasar katresnan ingkang dipunwujudaken ing tumindak sami dene perduli, njagi, lan nggatosaken.

Peranganing pasamuwan sanes tiyang-tiyang ingkang gesangipun sampun sampurna, ananging tiyang-tiyang ingkang dipunleresaken lan tansah ngupaya dados tiyang ingkang langkung sae ing Sang Kristus. Mila, kadang kala kita mrangguli ing antawasipun pasamuwan wonten ingkang nglirwakaken pranata, beda pamanggih, wonten pasulayan, lan wonten ingkang nindakaken kalepatan. Minangka patunggilan ingkang adhedhasar katresnan, kedahipun kita purun lan wantun ngemutaken, kados pangandikanipun Gusti ing waosan kita dinten punika. “Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna” (Ay. 15). Ananging menawi kita gatosaken, mboten kathah tiyang ingkang purun lan wantun ngemutaken nalika wonten tiyang ingkang nindakaken kalepatan. Kepara wekdal punika malah langkung kathah tiyang ingkang mboten ngemutaken ananging malah nggosip-aken.

Lumantar Mateus 18: 15-20 Gusti Yesus ngemutaken supados kita saged mbangun patunggilan ingkang adhedhasar katresnan. Mila menawi wonten sedherek ingkang nindakaken kalepatan kedah dipunemutaken kanthi wicaksana minangka wujud katresnan kita tumrap sedherek kita punika. Miturut pangandikanipun Gusti, wonten tahapan anggen kita ngemutaken supados perkawis punika saged dipunrampungaken kanthi sae lan wicaksana. Kawiwitan kanthi pirembagan sacara empat mata. Menawi mboten kasil, lajeng ngaturi satunggal utawi kalih tiyang kangge seksi ngrembag perkawis punika. Menawi cara punika dereng kasil, perkawis punika kedah dipunbekta dhateng pasamuwan.

Lajeng kados pundi menawi wonten ing pasamuwan ugi mboten kasil? “Ewadene yen ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yen meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru-mupu-beya.” (Ay. 17). Punika mboten ateges lajeng dipunsingkiri kados tiyang kapir lan juru mupu beya ingkang dipunsingkiri kaliyan tiyang kathah. Menawi kita gatosaken, wonten ing gesangipun Gusti Yesus, Gusti Yesus nggatosaken, nampeni, kersa dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang dipunsingkiri punika (Mateus, Zakheus, pawestri Samaria). Punika nelakaken bilih menawi tiyang ingkang sampun dipunemutaken ananging mboten nggugu kita tetep nggadhahi tanggel jawab nggatosaken mboten malah dipungosipaken lan dipunsingkiri. Punika wujud patunggilan ing katresnan minangka wohing pangibadah.

Lumantar pangandikanipun Gusti punika, kita dipunemutaken mboten namung purun lan wantun ngemutaken sedherek kita ingkang nindakaken kalepatan kanthi wicaksana, ananging ugi purun lan nglenggana menawi dipunemutaken kaliyan sedherek sanesipun, mboten malah duka lan mutung. Salah satunggal tindakan sederhana ananging wigati ingkang saged kita tindakaken wekdal punika inggih punika sami dene ngemutaken bab ngagem masker. Mboten namung wantun ngemutaken, ananging ugi purun lan nggugu menawi dipunemutaken, mboten malah duka lan mutung, ngrumaosi bilih piyambakipun sehat. Ananging kita sejatosipun kita mboten mangertos, awit sakpunika kathah OTG ingkang katingal sehat-sehat kemawon ananing mbekta virus. Sami dene ngemutaken ngagem masker, punika dados salah satunggaling wujud nyata kita anggenipun sami perduli lan njagi gesang kita sedaya.

Pangibadah mboten namung winates ing dinten Minggu. Pangibadah kita dhumateng Gusti kedah kita wujudaken ing gesang padintenan, saben dinten. Pramila sumangga kita wujudaken pangibadah kita dhumateng Gusti kanthi mujudaken pasamuwan ingkang sami dene preduli, purun-wantun ngemutaken, lan purun dipunemutaken.

Amin.