4 Oktober 2020 – Brayat Kadya Kebon Anggur

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 4 Oktober 2020
Pelayan Firman Pdt. Elizabet Emilia Putri, S.Si.
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

UNDUH PDF: Tata Pangibadah Brayat 4 oktober 2020

Pasamuwan ingkang kinasih,

Anggenipun Gusti Yesus paring piwulang dateng para sakabat lan tiyang kathah punika asringipun kanthi pasemon. Ancasipun supados tiyang ingkang mirengaken piwulangipun Gusti Yesus punika gampil mangertosi. Lan wonten waosan kita wekdal punnika Gusti Yesus paring piwulang kanthi pasemon ‘wong nyewa pakebonan anggur’. Dipuncariyosaken bilih wonten tiyang ingkang gadah pakebonan anggur. Lan kebon angguripun punika disewakaken dateng tiyang sanes, lan ingkang gadah kebon anggur punika kesah wonten nagara sanes. Miturut konteksipun wekdal punika wonten prajanjian bagi hasil antawisipun ingkang nyewa kalian ingkang gadah pakebonan anggur menawi panen. Lan nalika dugi wekdalipun panen lan bagi hasil, tiyang ingkang gadah pakebonan punika ngutus rewangipun supados mendhet hasil panen kebon angguripun. Ananging ingkang kadadosan malahan ingkang nggarap kebon anggur punika nganiaya lan nyedani utusanipun sang tuan kebon punika. Ngantos kaping kalih tiyang ingkang gadah kebon anggur punika ngutus rewangipun kangge mendhet hasil kebon angguripun, ananging sami mawon. Ingkang nggarap punika nganiaya lan nyedani utusanipun ingkang gadah kebon. Langkung-langkung putranipun ingkang gadah kebon anggur ingkang kautus ugi dipunsedani dening tiyang ingkang nggarap punika. Awit tiyang punika gadahi pemanggih, bilih putranipun punika ahli warisipun. Mila menawi dipunsedani mboten wonten malih ingkang nglajengaken hak waris.

Lan ingkang dados pitakenan menawi panjenengan dados tiyang ingkang gadah kebon anggur napa ingkang badhe panjenengan tindakaken dateng tiyang ingkang nyewa kebon anggur panjenengan? Mbok menawi kita saged ngusir tiyang ingkang nyewa/nggarap punika, lapor polisi supados nampi paukuman. Pitakenan punika ugi dipunngendikaken dening Gusti Yesus dateng sedaya tiyang ingkang sami mirengaken pasemon punika. Lajeng tiyang-tiyang punika sami mangsuli bilih ingkang dipuntindakaken tiyang ingkang gadahi kebon anggur punika nyedani para tiyang ingkang nyewa/nggarap.

Sejatosipun pasemon punika kangge para imam lan ahli toret ingkang asring mboten nindakaken kersanipun Gusti Allah. Kathah dhawuhipun Gusti Allah (Ingkang kagungan kebon anggur) ingkang sampun dipunngendikakaken dateng para nabi ingkang dados utusanipun Gusti Allah, ananging malahan para nabi punika dikaniaya lan disedani. Langkung-langkung Gusti Allah ngutus ingkang putra ontang-anting nggih punika Gusti Yesus, ananging ugi wonten imam ingkang nolak lan mboten nindakaken dhawuhipun Gusti Allah.

Mila menawi kita gatosaken wonten ing gesang kita, pasemon punika nelakaken bilih Kebon anggur punika nggambaraken gesang kita. Tiyang ingkang kagungan kebon anggur punika Gusti Allah lan ngutus Gusti Yesus ingkang dados utusanipun, tiyang ingkang nyewa/nggarap punika kita sedaya (umatipun Allah).

Ingkang dados tujuan utawi pangajeng-ajeng saking pasemon punika sejatosipun tuwuh anggur ingkang sae. Lan anggur punika nggambaraken katentreman lan kasantosan. Satemah kita saged mangertosi bilih sejatosipun sang tuan kebon anggur punika pasrah dateng para panggarap supados saged nuwuhaken anggur ingkang sae. Mila tugasipun nggih nggarap kebon anggur kanthi tanggel jawab supados saged nuwuhaken anggur kathah lan sae, satemah saged panen kathah anggur ingkang sae. Mboten namung utusanipun ananging ugi panggarapipun. Mila ingkang tanggel jawab mbabaraken katentreman lan kasantosan wonten ing jagad punika mboten namung Sang utusan, nggih punika Gusti Yesus, ananging ugi para panggarap nggih punika kita sedaya umatipun Allah.

Langkung-langkung wonten ing wulan brayat punika kita kaatag supados saged nggarap kebon anggur ingkang nuwuhaken anggur ingkang sae supados saged dipanen, saking ruang lingkup ingkang langkung alit, nggih punika brayat. Tegesipun kita saged ‘nggarap’ brayat kita piyambak-piyambak supados brayat kita punika nuwuhaken anggur nggih punika tentrem rahayu lan kasantosan. Sinten ingkang tanggel jawab? Nggih kita sedaya ingkang dados anggota keluarga. Tiyang sepuh (bapak lan ibu) lan anak-anak.   Awit brayat punika kagunganipun Gusti Allah, lan Gusti Allah dhawuh dateng kita supados saged mbangun brayat ingkang tentrem lan santosa. Satemah saking brayat kita punika saged dados seksinipun Sang Kristus lan ndatengaken berkah.

Kados pundi kaowntenan brayat kita wonten wekdal punika? Napa sampun dados brayat ingkang kebak tentrem rahayu lan gesangipun santosa? Menawi dereng nggih mangga kita saged nggarap sareng-sareng, mboten namung nuntut tiyang sanes supados saged nuwuhaken anggur ananging ugi diri kita. Kados pundi panjenengan ingkang dados bapak, napa sampun saged mbabaraken tentrem rahayu? Napa malahan saben dintenipun namung emosian, duka dateng garwa lan putra panjenengan? Kados pundi kita ingkang dados ibu, napa sampun kita punika ndatengaken tentrem rahayu kanthi mujudaken kawigatosan ingkang tulus lan kebak katresnan dateng brayat? Kita ingkang dados anak-anak, napa sampun ndatengaken tentrem rahayu kanthi manut kalian tiyang sepuh napa malahan asring ngeyelan? Kita ingkang dados tiyang sepuh napa sampun saestu nyambut damel kanthi tanggel jawab supados saged nyekapi sedaya kabetahan brayat? Napa sampun kita dados tiyang sepuh ugi gesangipun dados conto ingkang sae dateng anak-anak kita? Kados pundi sesambetan kita ingkang dados marasepuh kalian mantu, ayem tentrem napa crah? Menawi dereng sedaya punika kedah kita garap, supados brayat kita punika tentrem lan santosa. Langkung-langkung kita sedaya ugi saged dados saksinipun Sang Kristus ingkang mbabaraken tentrem rahayu dateng tiyang sanes. Mangga sami nggarap kebon anggur kita supados saged nuwuhaken anggur ingkang sae. Gusti mberkahi. Amin.