30 Agustus 2020 – Wantun Dados Pendherekipun Gusti Yesus

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 30 Agustus 2020
Pelayan Firman Pdt. Elizabet Emilia Putri, S.Si.
Bahasa Pengantar Bahasa Indonesia

Deskripsi:

DOWNLOAD PDF: Tata Pangibadah Brayat 30 Agustus 2020

Pasamuwan ingkang kinasih,

Kita dados tiyang jawi temtu mangertosi tembung Bloko Suto. Punapa tegesipun? Tegesipun Bloko : mengatakan apa adanya utawi terus terang lan Suto : wani utawi wantun. Mila bloko suto tegesipun wantun berterus terang (apa adanya). Anonimipin Bloko Suto nggih punika goroh. Asringipun kita dados manungsa angel anggenipun bloko suto kalian tiyang sanes, napa malih menawi bab ingkang badhe kita aturaken punika bab ingkang ndadosaken kuciwa utawi saged ugi tiyang sanes punika mboten remen sandyan bab ingkang kita aturaken punika bab ingkang leres utawi dados salah setunggaling kebenaran. Kita langkung remen dados tiyang goroh utawi nutup-nutupi supados tiyang sanes punika bingah utawi remen kalian napa ingkang kita aturaken.

Ananging bab punika mboten dipuntindakaken dening Gusti Yesus dateng para sakabatipun. Sakderengipun kita sampun mireng pangandikanipun Gusti wonten ing dinten minggu kala wingi kados pundi Simon Petrus punika ngekeni bilih Gusti Yesus punika Mesih, Putraning Allah ingkang gesang. Lan wonten waosan kita Gusti Yesus punika Bloko Suto dateng para sakabat temtunipun dateng Petrus ugi bilih samangke Gusti Yesus badhe ngadepi kasangsaran, seda lan wungu malih wonten ing dinten kaping 3 saksampunipun Gusti punika seda. Gusti Yesus mboten nutup-nutupi napa ingkang badhe kedadosan nalika para sakabat punika sampun ngakeni bilih Panjenenganipun ingkang dados Mesih punika badhe sangsara, seda lan wungu malih (ananging bab wungu punika ingkang mboten dipungatosaken dateng Petrus, ingkang dados fokusipun namung sangsara lan seda). Mireng bab punapa ingkang dipunngendikaken dening Gusti Yesus temtu mboten dadosaken renaning penggalihipun Petrus, punika pawartos ingkang mboten mbingahaken miturut Petrus. Awit Petrus gadahi pemanggih menawi Mesih ingkang ditut mburi mawon ngadhepi kasangsaran, temtu pendherekipun ugi ngadhepi kasangsaran. Mila Petrus narik lan matur dumateng Gusti Yesus : “Gusti mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Paduka ngantos kataman ingkang makaten punika” (Ayat 22). Menawi bab ingkang mboten sae punika mboten kadadosan, temtu para sakabat ugi mboten badhe ngadhepi bab ingkang mboten sae, punika pemanggihipun Petrus nalika matur dumateng Gusti Yesus.

Ananging nalika mireng napa ingkang dipunaturaken dening Petrus, Gusti Yesus ngendika : “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”

Simon Petrus ingkang ngakeni bilih Gusti Yesus punika Mesih, ananging Petrus ugi ingkang nyelaki Gusti Yesus nalika Gusti Yesus mbabaraken bab tegesipun dados Sang Mesih. Mila saking punika Gusti Yesus kanthi tegas paring piwulang bab kados pundi dados pendherekipun Gusti. Nggih punika kedah : nyingkur awake dhewe, manggul salib lan nderek Gusti. (ayat 24)

  1. Nyingkur awake dhewe (Menyangkal diri)

Mengesampingkan punapa ingkang dados kabetahanipun diri kita piyambak. Tegesipun rila berkorban. Gampil? Temtu susah. Ananging punika ingkang dados pangandikanipun Gusti nalika kita dados pendherekipun Gusti. Kita kedah rila berkorban dateng tiyang sanes, mboten ngutamakaken napa ingkang dados kabetahan napa malih pepenginan kita piyambak, tegesipun mboten egosi. Cobi kita raosaken napa saestu kita sampun nyingkur awake dhewe nalika dados pendherekipun Gusti? Mbok menawi kita gadahi pemanggih, sampun. Contonipun, kita sampun peladosan, kita sampun andum berkah dateng tiyang sanes, kita aktif wonten ing pelayanan sosial, andum dana beasiswa lan biaya pengobatan. Temtu punika sae, lan kita bingah sanget menawi napa ingkang kita tindakaken punika dipuntampi kanthi bingah lan responipun sae. Ananging kados pundi menawi nalika kita sampun peladosan, andum berkah ananging kita mboten dipuntampi utawi responipun punika ugi mboten ngremenaken manah? Kita kuciwa? Gerah manah? Mbok menawi manah kita mboten puas lan kuciwa. Nah punika tanda bilih kita dereng saged nyingkur awake dhewe. Awit kita nderek peladosan, andum berkah dateng tiyang sanes demi kepuasan diri kita piyambak, mila menawi mboten diajeni raosipun gela lan mboten malih nindakaken peladosan napa malih andum berkah.

  1. Manggul Salib (Memikul Salib)

Pangajeng-ajeng kita nalika nderek Gusti Yesus gesangipun punika dados gampil, tebih saking pacoben lan perkawis. Ananging kasunyatanipun tetep mawon kita punika ngadhepi kathah pacoben lan perkawis. Menawi kita mboten wantu ngadhepi sedaya punika, asring kita punika gela lan nilaraken Gusti. Mila kedahipun kita siap lan wantu anggenipun manggul salib kita piyambak-piyambak nalika dados pendherekipun Gusti. Mbok menawi ngadepi tantangan nalika sesrawungan kalian tiyang sanes nalika dados minoritas, mbok menawi wonten tantangan bab jodho, wonten ing pakaryan, lsp. Kita kedah wantun ngadepi sedaya punika. Mboten malahan kita ajrih kalian salib-salib punika.

  1. Nderek Gusti (Mengikut Dia)

Nderek Gusti punika tegesipun Setya! Sandyan mboten gampil ananging kita pitados bilih Gusti Yesus punika setya dateng gesang kita. Panjenenganipun tansah paring kekiatan anggenipun kita ngadhepi kathah tantangan lan perkawis, temtunipun paring kawilujengan. Ampun ngantos kita punika mboten setya nalika dados pendherekpun Gusti. Gusti mawon setya lho dateng kita, mosok kita malahan ingkang mboten setya dumateng Gusti Yesus. Nderek Gusti punika kedah wantun, wantun nyingkur awake dhewe, manggul salib lan setya.

Nyingkur awake dhewe, manggu salib lan nderek Gusti punika proses belajar seumur hidup. Mila kita kedah wantun anggenipun berproses anggenipun dados pendherekipun Gusti ingkang saged babaraken kabingahan. Ampun ajrih, monggo kita tansah wantun ngadhepi salib kita piyambak-piyambak. Gusti mberkahi. Amin.