27 September 2020 – Sangsaya Caket, Sangsaya Raket

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 27 September 2020
Pelayan Firman Pdt. Elizabet Emilia Putri, S.Si.
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

UNDUH PDF: Tata Pangibadah Brayat 27 September 2020

SANGSAYA CAKET SANGSAYA RAKET

Mateus 21:23-32

Tipe manungsa anggenipun mangsuli pitakenan punika benten-benten. Wonten ingkang langsung paring wangsulan, wonten ingkang saestu ngatos-atos anggenipun paring wangsulan, lan wonten ugi tiyang ingkang mangsuli pitakenan kanthii pitakenan ugi. Punika mbok menawi asring ingkang dadosaken tiyang sanes punika bingung “wong ditakoni kok malah mbalik takon”. Ananging nalika tiyang punika paring wangsulan kanthi pitakenan mbok menawi wonten kalih bab ingkang dipunpenggalih. Ingkang sepisan pancen piyambakipun mboten mangertosi jawabanipun ananging ingkang kaping kalih sejatosipun tiyang punika sampun mangertosi jawabanipun lan mbikak ruang kangge sami pirembagan (diskusi) kalian tiyang ingkang ndamel pitakenan punika.

Wonten waosan kita punika Gusti Yesus taksih paring piwulang wonten ing Padaleman suci. Lan wonten wegdal punika awit raos kuwatos lan ajrih kalian kawontenanipun Gusti Yesus ingkang saged mengancam popularitasipun, imam lan pinisepuhipun bangsa Yahudi atur pitakenan dumateng Gusti Yesus : Ingkang dipuntindakaken Gusti Yesus punika kanthi panguwaos ingkang pundi lan sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Gusti Yesus? (Ayat 23). Mireng pitakenan punika Gusti Yesus paring wangsulan kanthi pitakenan. Temtu mboten ateges Gusti Yesus mboten pirsa wangsulanipun, ananging Gusti Yesus badhe bikak ruang kangge pirembagan kalian imam lan pinisepuh, langkung-langkung Gusti Yesus ugi badhe mirsani kados pundi pemanggihipun imam lan pinisepuh punika. Lan Gusti Yesus paring pitakenan dateng para imam lan pinisepuh bab Pambaptisipun Nabi Yokanan punika saking swarga napa manungsa? (ayat 25). Mireng pitakenan punika, lajeng sami pirembagan. Ananging tiyang-tiyang punika mboten saged sami mangsuli napa ingkang dados pitakenanipun Gusti Yesus. Awit tiyang punika gadahi pemanggih menawi wangsulanipun saking swarga, temtu Gusti Yesus saged ngendika dhateng imam lan pinisepuh kenging punapa kok sami mboten pitados. Ananging menawi wangsulanipun saking manungsa, tiyang-tiyang punika sami ajrih dhateng tiyang kathah awit tiyang kathah sami ngakeni bilih Yokanan punika nabi. Pirsa bab punika lajeng Gusti Yesus paring pasemon bab anak loro. Dipungambaraken punika wonten tiyang sepuhipun (Bapak) dhawuh dateng putranipun ingkang mbarep lan ongko kalih supados sami nyambut damel wonten ing kebon anggur. Putra ingkang mbarep mangsuli: ‘inggih pak’ ananging mboten mangkat. Putra ongko kalih, mangsuli ‘kula mboten purun’, ananging saksampunipun kaduwung (menyesal) nuli putranipun mangkat. Lajeng Gusti Yesus ngendika : “Pundi ingkang nindakake karepe bapakne?” lan sami matur ingkang kantun (ongko kalih). Gusti Yesus negesaken malih bilih juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila pitados dateng napa ingkang dipunngendikakaken dening Yokanan Pambaptis tinimpang para pemimpin agami. Langkung-langkung Gusti Yesus ngendika para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila ndhisiki anggenipun lumebet wonten ing Kratoning Allah.

Pasamuwan ingkang kinasih,

Para imam lan pinisepuh bangsa Yahudi punika sestu secara ritual agami punika sae. Karohanenipun sae. Ananging punika namung bab pemanggihipun. Apal bab agami, teorinipun sae. Ananging kasunyatanipun namung lamis (munafik). piyambakipun remen njeksani tiyang sanes, nganggep tiyang sanes punika langkung asor tinimbang piyambakipun, kumeren kalian tiyang sanes, remen pados kalepatanipun tiyang sanes. Kados pasemon putra mbarep ingkang awalipun mangsuli inggih ananging kasunyatanipun mboten nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun tiyang sepuhipun. Ananging langkung sae, Gusti Yesus ngendika langkung sae kados putra ongko kalih ingkang awalipun mboten mangsuli kanthi sae, ananging awit kaduwung (mratobat) piyambakipun lajeng nindakaken napa ingkang dados dhawuhipun Sang Rama. Tegesipun langkung sae kados tiyang ingkang dipunanggep tiyang dosa dateng para imam lan pinisepuh, nggih punika juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila, ingkang nalika mireng bab pawartos kawilujengan saking Yokanan Pambaptis piyambakipun langsung mratobat lan pitados.

Ingkang dados pitakenan dhateng kita sedaya, kita punika kinten-kinten anak mbarep napa anak ongko kalih?

Dados tiyang ingkang saestu secara karohanen/agami punika sae, kadosipun punika seastu celak kalian Gusti Allah. Rajin anggenipun nindakaken ritual ibadah, apal kathah ayat-ayat wonten ing kitab suci, ananging sesambetan kalian tiyang sanes punika tebih. Asringipun njeksani tiyang sanes, kumeren kalian tiyang sanes, mboten ngajeni tiyang sanes. Ananging saking pangandikanipun Gusti punika nelakaken supados kita punika mratobat, celak kalian Gusti Allah ananging ugi rumaket kalian sesami kita. Pangibadah mboten namung mbangun sesambetan kalian Gusti Allah ananging ugi kalian manungsa. Mboten namung kita mbangun sesambetan caket kalian Gusti Allah ananging wonten ing gesang saben dinten kita ugi kedah mbangun sesambetan ingkang raket kalian tiyang sanes, mboten malih kumeren kalian tiyang sanes, ngajeni tiyang sanes lan temtunipun nresnani tiyang sanes. Satemah gesang kita sansaya caket sansaya rumaket kalian Gusti Allah lan manungsa. Pangibadah kita mboten lamis ananging saestu dados renanipun Gusti Allah. Gusti mberkahi. Amin.