26 Juli 2020 – Gesang Manut Visi Kratoning Allah

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 26 Juli 2020
Pelayan Firman Pdt. Hesty Murwasari
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

Punapa para sedherek taksih kemutan berita ingkang viral wonten ing wiwitan taon 2020 bab keraton? Rikala semanten Indonesia heboh awit wonten kabar bab wontenipun keraton enggal inggih punika Keraton Agung Sejagad. Keraton punika dados viral. Lajeng kados pundi menawi Kratoning Allah? Viral punapa mboten? Utawi kita malah bingung Kratoning Allah punika ingkang kados pundi tho? Kita asring mireng lan maos bab Kratoning Allah, lajeng menggalih Kratoning Allah punika Kraton ingkang kados pundi?

Kratoning Allah inggih punika kawontenan ing pundi Gusti Allah nindakaken paprentahanipun kanthi sampurna. Rikala Gusti Allah piyambak ingkang dados ratu lan umatipun sumuyud nindakaken kersanipun Gusti. Sesambetan manungsa kaliyan Gusti Allah, sesami, lan sedaya titah sae. Kratoning Allah punika kawontenan nalika sedaya gesang ing tentrem rahayu. Lan kita minangka para putraning Allah kaparingan timbalan sesarengan Gusti mujudaken kawontenan punika ing donya.  Temtu kemawon timbalan punika mboten gampil, kathah tantangan, langkung-langkung wonten ing swasana mrihatosaken wekdal punika. Mila, lumantar jejer khotbah dinten punika “Gesang Manut Visi Kratoning Allah” kita dipunkiyataken anggenipun nindakaken timbalanipun Gusti.

Ing waosan kita Matius 13:31-33; 44-52 kaserat 5 pasemon bab Kratoning Swarga. Ingkang sapisan, Kratoning Swarga kados dene wiji sawi ingkang alit sanget. Ananing nalika sampun tuwuh ngrembaka saged dados wit ingkang ageng, ugi malah saged dados sabanipun peksi. Ingkang angka kalih, Kratoning Swarga kados dene ragi ingkang sakedhik, ananing nalika sampun dipunuleni kaliyan glepung, glepung punika saged ngembang lan ndadosaken raos roti eco. Pasemon punika sejatosipun nggambaraken kawontenan ingkang asring kita prangguli ing gesang padintenan minangka pandherekipun Gusti. Nalika nindakaken kersanipun Gusti wonten ing gesang padintenan, kadhang kala kita ngrumaos alit, dipunsepelekaken, mboten dipunanggep. Sampun nindakaken tanggel jawab kados sakmesthinipun ananging mboten dipunanggep kaliyan tiyang sanes. Sampun ngantos prastawa punika ndadosaken kita ‘rendah diri’, cilik ati, nglokro, kendo, semplah. Gesang Manut Visi Kratoning Allah, ateges kados dene pasemon kala wau, menawi kita tetep setia sumuyud nindakaken kersanipun Gusti, samangke kita saged kados wit sawi ingkang ngrembaka lan roti ingkang ngembang. Sinaosa wiwitanipun namung alit lan sakedhik kados dene wiji sawi lan ragi, ananing saged berdampak positif kagem sakiwa tengenipun. Ananging kita ugi sampun ngantos kesupen, supados dados wit sawi ingkang tuwuh ageng lan dados roti ingkang eco punika, wonten proses ingkang kedah dipunlampahi. Sampun ngantos kita kemeren namung ninggali asil akhiripun ananing mboten nggatosaken proses ingkang sampun dipunlampahi.

Ingkang angka tiga, Kratoning Swarga kados dene raja brana ingkang kapendhem ing pategalan. Tiyang ingkang manggihaken raja-brana punika mangertos iba ajinipun, mila lajeng nyade sadaya gadhahanipun kangge numbas pategalan punika, supados saged nggadhahi barang ingkang aji sanget punika. Ingkang angka sekawan, Kratoning Swarga kados dene tiyang dagang ingkang pados mutyara. Sareng tiyang punika manggihaken mutyara, piyambakipun lajeng nyade sadaya gadhahanipun kangge numbas mutyara punika. Tiyang punika pirsa bilih wonten ingkang ajinipun ageng lan purun berkorban, nyade sedaya barang darbekipun. Kratoning Swarga punika ageng ajinipun, kados dene raja brana ing pategalan lan mutyara punika. Mekaten ugi ingkang dipunkersakaken dening Gusti, supados kita nyepengi lan purun rela berkorban kangge bab ingkang ajinipun ageng sanget inggih punika Kratoning Swarga.

Lan ingkang pungkasan, Kratoning Swarga punika kadosdene krakad utawi jala.  Wiwitanipun nalika kakebyaraken angsal marupi-rupining ulam, ananing wonten ing gegisik, ulam-ulam punika dipunpilih, pundi ingkang sae lan mboten. Pasemon punika nggambaraken bilih Kratoning Swarga punika sejatosipun kangge sinten kemawon. Nanging saklajengipun lajeng kapilih, kapisahaken antawisipun ingkang saestu pitados lan nampi kaliyan ingkang mboten.  Kanthi mekaten kathah ingkang katimbalan, nanging sekedhik ingkang kapilih.

Gesang manut visi Kratoning Allah ateges bilih gesang kita saged ndhatengaken raos ayem tentrem kados dene kawontenaning Kratoning Allah. Sinaosa mbok bilih ingkang kita tindakaken punika kawawas alit lan mboten dipunanggep ananing menawi tumindak punika saestu nyondhongi karsanipun Gusti lan kita setia berproses, mesthi mbenjang kita badhe pinanggih asil ingkang sae. Mbok bilih kita sampun tumindak sae, jujur, tulus, ananing mboten dipunanggep kaliyan tiyang sanes, sampun ngantos kita lajeng nglokro lan semplah. Tansaha pitados menawi tumindak kita sampun cundhuk kaliyan pangandikanipun Gusti mbenjang badhe katingal kados pundi wohipun tumindak kita. Kados pasemon-pasemon kala wau, wonten proses lan  perjuangan ingkang dipunlampahi wiji sawi lan ragi, lan wonten pengorbanan ingkang dipunlampahi tiyang ingkang manggihaken raja brana lan mutyara, supados ayem tentrem kados kawontenan Kratoning Allah saged mawujud ing gesang kita. Tansaha setya gesang manut visi Kratoning Allah.

Amin.