23 Agustus 2020 – Kababaring Pengaken Wonten ing Tumindak Nyata

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 23 Agustus 2020
Pelayan Firman Pdt. Hesty Murwasari, S.Th
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

Unduh PDF: Liturgi 23 Agustus 2020

Salah satunggaling barang ingkang wigati lan sakpunika dados salah satunggaling gaman ingkang kedah dipunasta inggih punika kaca tingal. Menawi barang punika ngantos ketriwal utawi ketinggalan, aktivitasipun saged terganggu. Asring kita mrangguli kawontenan ingkang mekaten. Menawi mboten ngagem kaca tingal lan kedah maos, huruf-huruf punika mboten ketingal cetha, namung kados coretan-coretan ingkang berjajar. Jenising kaca tingal saben tiyang ugi mboten sami, gumantung kaliyan kawontenan sucanipun, wonten ingkang minus, plus, silinder. Menawi ngagem kaca tingal ingkang mboten sesuai kaliyan kawontenan sucanipun ugi sami mawon, mboten saged mirsani kanthi cetha. Mila sakderengipun mundhut kaca tingal kedah dipunpriksa rumiyin supados ukuranipun pas lan samangke saged cetha anggenipun mirsani. Kados pundi kaca tingal ingkang kedah dipunagem gumantung kaliyan kados pundi kawontenan sucanipun.

Jenising kaca tinggal ingkang gumantung kaliyan kawontenan suca punika nggambaraken kados dene pengaken kapitadosan ingkang gumantung kaliyan pengalaman iman. Pengalaman iman gesang sesarengan kaliyan Gusti ingkang dipunalami saben tiyang benten-benten, mila pengaken kapitadosan ingkang tuwuh ugi benten-benten. Kados dene wonten ing waosan kita dinten punika. Gusti Yesus ndangu para sakabat kados pundi anggenipun sami ngraosaken sinten tho Gusti Yesus punika ing pamawas para sakabat. Ingkang dipunkersakaken Gusti sanes sinten Panjenenganipun miturut aturipun tiyang sanes, ananging tumraping para sakabat piyambak ingkang sampun sawetawis wekdal gesang sesarengan kaliyan Gusti Yesus, sampun ngraosaken kados pundi piwucal lan pakaryanipun Gusti. Gusti Yesus lajeng ndangu : Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa? (Ay. 15). Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” (Ay. 16).

Wangsulan punika nggambaraken pengaken kapitadosanipun Petrus adhedhasar pengalaman spiritual gesang sesarengan kaliyan Gusti Yesus. Pengaken punika nuwuhaken dampak ingkang luar biasa. Gusti Yesus nyebat Petrus, tiyang ingkang rahayu (Ay. 17), lan ugi Gusti ngendika : Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati (Ay. 18). Pengaken kapitadosanipun Petrus dados tetalesing pasamuwanipun Gusti. Sinaosa saksampunipun Petrus ngaturaken pengaken punika gesang ingkang dipunadhepi Petrus mboten gampil, kadangkala pangertosanipun benten kaliyan ingkang dipunkersakaken Gusti, malah kepara Petrus ugi nyelaki Gusti Yesus ambal kaping tiga, ananging lumantar paladosanipun Petrus pasamuwanipun Gusti saged tuwuh ngrembaka ing pundi-pundi papan.  Punika nelakaken bilih pengalaman iman ingkang dipunalami sesarengan Gusti nuwuhaken pengaken kapitadosan lan pengaken punika kababar nyata nuwuhaken woh ingkang sae.

Kadosdene kawontenan suca ingkang dipunagem beraktivitas mempengaruhi jenis kaca tingal ingkang dipunagem, mekatena pengalaman iman gesang sesarengan Gusti mempengaruhi pengaken kapitadosan pribadhi kita dhumateng Gusti. Pengalaman iman bapak/ibu/para sedherek mboten sami, punika nuwuhaken pengaken ingkang mboten sami ugi. Lumantar pengaken punika kita kapitulungan sansaya kiyat lan mantep anggenipun nglampahi gesang peparingipun Gusti. Menawi wekdal punika Gusti Yesus ndangu : tumraping kowe, Aku iki sapa? Mbokbilih wonten ingkang atur wangsulan : Paduka punika juru panglipur kula, awit ngraosaken bilih Gusti tansah nglipur gesangipun; Paduka punika tuking kakiyatan, awit ngrumaosi manungsa ringkih lan kiyat inggih namung awit kakiyatan saking Gusti; Paduka punika Allah ingkang Maha Tresna, awit ngraosaken katresnanipun Gusti ingkang tansah linuber tan kendhat wonten ing gesangipun; lss. Mbok bilih benten-benten, kados dene jenis kaca tingal, ananging ingkang baken, pengaken punika ndadosaken paningal kita langkung cetha anggenipun ningali karsanipun Gusti ing gesang kita.

Perkawis salajengipun ingkang mboten pareng dipunsupekaken inggih punika bilih pengaken kapitadosan mboten namung winates ing tembung, ananging kedah kababar ing salebeting tumindak nyata padintenan. Lumantar wicantenan, penggalihan, pamawas, lan tumindak kedahipun saestu ngemu pengaken kapitadosan dhumateng Gusti. Punapa ingkang lair saking dhiri kita saestu tumunten lan nyondhongi karsanipun Gusti. Menawi kita ngakeni bilih Gusti punika Gusti tansah nganthi, ing salebeting kaprihatosan kados wekdal punika, kita mboten mawas menawi Gusti nilar kita. Menawi kita ngakeni bilih Gusti punika ingkang paring berkah padamelan lan peladosan, kedahipun kita nindakaken pakaryan lan paladosan kanthi suka rena lan kebak ing tanggel jawab. Mboten nengga dipunemutaken, dioyak-oyak, kedahipun kita sampun krenteg anggenipun nindakaken tanggel jawab kita.

Gusti Yesus ngendika ing ayat 18 bilih pasamuwanIpun kabangun tetales watu karang. Kadang kala watu karang punika kenging ombak, kenging angin. Mekatena ugi gesang kita minangka pasamuwanipun Gusti, kadang kala mrangguli prahara. Ananging kita ugi kedah tansah emut, bilih kita punika pasamuwan kagunganipun Gusti. Gusti mboten nglirwakaken, Gusti mesthi ngrimati pasamuwanIpun. Ingkang wigati, pengaken punika kedah kababar nyata ing tumindak. Kados pundi gesang ingkang kita lampahi sesarengan Gusti punika saged nuwuhaken pengaken kapitadosan lan pengaken punika ndayani anggen kita langkung cetha ningali lan ngraosaken rancanganipun Gusti wonten ing gesang kita. Punapa ingkang dados atur wangsulan kita menawi Gusti ndangu : tumraping kowe, Aku iki sapa?

Amin.