20 September 2020 – Pangibadah Wujud Pangrimatipun Gusti

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 20 September 2020
Pelayan Firman Pdt. Surono (GKJ Sedayu)
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

UNDUH PDF: Liturgi 20 September 2020 Pdt. Surono

Bapak, Ibu, lan para sedherek ingkang dipun tresnani dening Gusti,

Pandemi ingkang kelampahan ing wanci menika asring ndadosaken tiyang gampil sensitif, awit ingkang dipun raosaken gesang menika tansaya dangu tansaya awrat, malahan ugi asring katah ingkang ngeraosaken ajrih awit kabar ingkang magepokan kaliyan katahipun tiyang ingkang sami kepapar covid-19. Pandemi menika mboten namung damel efek sacara psikologi, kesehatan nanging ugi damel gonjang-ganjinging bab ekonomi.Kawontenan menika ndadoskaen momotan ingkang awrat, saged ugi njalari pangibadah kita dados kendho? Punapa malah kosok wangsulipun, pangibadah kita malah sangsaya mempeng? Wonten pemanggih, sacara psikologis bilih manungsa badhe sangsaya mempeng anggènipun ngibadah, ndedonga, maos Kitab Suci lan nindaki pakempalan pandonga, nalika ngadhepi momotan gesang ingkang awrat. Gusti Allah karaosaken celak punapa tebih, kados-kados gumantung sepinten awratipun prekawis gesang ingkang dipun adhepi. Ingkang dados pitakènan, punapa ta sesambetanipun antawis momotan gesang kaliyan anggèn kita ngraosaken rawuhipun Gusti Allah ing gesang kita? Punapa pangibadah/pangabekti kita saged kadadosaken ukuran bilih lampah gesang kita saèstu ngener dhumateng Gusti Allah? Utawi kosokwangsulipun, anggènipun sregep ngibadah saged kanggé nitèni bilih tiyang punika nembé ngadhepi satunggaling prekawis gesang? Makaten ugi nalika tiyang punika nembé wonten momotan, kados pundi sikepipun? Kadospundi ugi sikepipun pasamuwan nanggapi kawontenanipun sadhèrèk punika?

Saben tiyang saged ningali gesangipun piyambak, lan ngraosaken sesambetan antawisipun pangibadah padintenan kaliyan momotan gesang ingkang dipun adhepi, saha keyakinan bilih Gusti Allah tansah nganthi lan mberkahi. Sejatosipun cara punapa kemawon saged dipun ginakaken, ingkang wigati sedaya punika mbekta kita saèstu saged ngraosaken sabdanipun Gusti, lan ngraosaken sihing Allah. Kanthi makaten, ing satengahing ngadhepi momotan, kita sinau supados boten gampil nglepataken dhiri pribadi lan tiyang sanès. Wusananipun, pasamuwan saged tansah ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti lumantar pangibadah padintenanipun. Punika pangibadah ingkang ideal, ing ngriku wonten kajujuran, tulus, syukur, lan sami déné nresnani. Nanging kados pundi caranipun kanggé mujudaken punika sadaya?

Carios ingkang sami saged kita panggihi saking Gusti Yesus lumantar pasemon bab buruh tani ing kebun anggur. Tamtunipun kita saged kemawon nggadahi pemanggih bilih pasemon punika nggambaraken bab boten adilipun salah satunggal tiyang ingkang kagungan kebon anggur, ingkang boten paring pituwas pantes tumrap buruh-buruhipun. Kita boten remen bilih ngraosaken tumindhak ingkan boten adil, kita saged saestu sensitif kaliyan prekawis boten adil. Prekawis boten adil, boten anamung mbeta karugen tumrap gesang kita, ananging ugi saged dados tumindhak ingkang karaos ngremehaken gesang kita. Bilih kita galih kanthi manah ingkang padhang, ngedumelipun para buruh ing pasemon punika prekawis ingkang limrah. Paring bayaran buruh kanthi cacah ingkang sami tanpa ningali danguni lan kathahipun anggen medamel, kalebet tumindhak ingkang boten adil. Panen anggur ing Negari Israel biasanipun kalampahan ing wulan September, lan ing dinten-dinten punika srengenge saged sumunar kanthi banter lan mbeta angin ingkang saestu panas. Saged kita raos-raosaken kados pundi sayahipun para buruh ingkang medamel dangunipun 12 jam. Lajeng, para buruh kalawau dipun paringi bayaran ingkang sami kaliyan buruh ingkang medamel dangunipun namung 1 jam, 1 dinar. Saestu tumindhak ingkang boten adil ing salebeting pasemon kalawau.

Bapak, Ibu, lan para sedherek ingkang dipun tresnani dening Gusti,

Ananging sejatosipun kita dipun ajak boten anamung mirsani prekawis adil utawi boten adilipun piwales ingkang dipun paringaken dening ingkang kagungan kebon dhateng para buruh, ananging langkung mirsani kawontenan manah lan batosipun para buruh kalawau. Sumangga kita wangsul ningali malih pasemon punika, punapa leres bilih tuan ingkang kagungan kebon anggur punika tumindhak boten adil tumrap para buruh kagunganipun ingkang nyambut damel wiwitan jam 6 enjing? Bilih kita tingali kanthi tliti, tuan ingkang kagungan kebon anggur sampun paring piwales ingkang pantes miturut prajanjian ingkang dipun tampi dening sadaya, inggih: “satunggal dinar kagem satunggal dinten medamel”. Lajeng ing pundi boten adilipun? Adil punika rak tegesipun tansah nggodheli kasaenan? Punapa adil punika tegesipun tansah paring punapa ingkang dados hakipun tiyang sanes? Tuan punika saestu namung ngugemi punapa ingkang dados kasaenan. Tuan punika sampun paring punapa ingkang dados hakipun para buruh, inggih piwales satunggal dinar. Pramila, tuan punika ngandika tumrap satunggal buruh, ”Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina?”.

Gusti Yesus sangaja nyariosaken bab piwales kalawau kanthi urut-urutan ingkang kuwalik. Panjenenganipun kanthi pinter ngatingalaken dhateng kita sami punapa ingkang dados prekawis mirunggan saking para buruh ingkang medamel wiwitan saking jam 6 enjing, inggih pangraos mboten nampeni kaadilan karana buruh sanes nampeni kauntungan lan kawelasan ingkang langkung. Bilih para buruh ingkang medamel wiwit jam 6 enjing kalawau boten pirsa bilih wonten salah satunggal buruh ingkang nampeni piwelas saking ingkang kagungan kebon, menawi piyambakipun boten badhe ngedumel. Pangraos nampeni tumindhak ingkang boten adil kalair nalika piyambakipun ningali buruh sanes ingkang nampeni piwelas. Lajeng, tuan ingkang kagungan kebon anggur ndamel wirangipun para buruh kalawau kanthi ngemutaken bilih panjenenganipun ingkang kagungan kebon anggur, ingkang nggadahi hak tumrap sadaya ingkang dipun kagungi. Boten wonten buruh satunggal kemawon ingkang saged nggurui utawi paring prentah tumrap panjenenganipun. Panjenenganipun kagungan kuwaos kangge paring piwelas dhumateng sintana kemawon ingkang panjenenganipun ngersakaken.

Lajeng tuan ingkang kagungan kebon anggur ngandhika: “Apa kowe meri, dene aku kok loma?”(ayt.15). Inggih karana para buruh kalawau nggadahi raos meri. Manah piyambakipun kobong nalika piyambakipun ningali tiyang sanes nampeni kauntungan. Para buruh kalawau boten siyaga nampeni kasunyatan ingkang kados mekaten. Kenging punapa piyambakipun boten siyaga ningali prekawis punika? Karana tiyang-tiyang kalawau rumaos langkung pantes nampeni ingkang langkung sae katimbang timbang sanes. Tiyang-tiyang kalawau rumaos langkung dangu anggenipun medamel, langkung produktif, langkung setiti, lan ngraosken langkung sayah katimbang buruh ingkang medamel wiwit jam 5 sonten. Pramila piyambakipun rumaos ingkang pantes nampeni pituwas ingkang langkung kathah, sanes tiyang sanes. Pamikiran ingkang kados mekaten ingkang Gusti welehaken.

Bapak, Ibu, lanparasedherekingkangdipuntresnanideningGusti,

Nalika ningali lan mbandingaken kawontenan gesang kita kaliyan gesangipun tiyang sanes sacara fisik, kasugihan, pangkat langkung sae katimbang gesang kita, boten gampil manggihi makna ingkang sae saking pasemon kalawau. Menawi sakperangan ing kita saged kanthi gampil wicanten lan ngedumel: teng pundi kaadilanpun Gusti, ngantos kapan Gusti badhe paring wangsulan saking pandongaku? Sipat ngedumel saged ngrampas kabingahan ingkang saking Gusti. Sipat punika namung badhe nambahi momotaning gesang kita. Manawi sampun dikuwaosi raos meri, lajeng gampil sanget ngedumel lan nglepataken tiyang sanes, malah ngantos nglepataken Gusti Allah. Tiyang ingkang makaten, wiwitanipun dados pangarep nanging wusananipun dados pamburi. Temtu saben tiyang ingkang saèstu mangertosi sih kamirahanipun Allah, lan tansah makarya kanthi sengkut, semangat, boten itung-itungan, wusananipun badhé nampèni ganjaran kanthi raos syukur lan bingah. Nindakaken pakaryan kanthi cara ingkang makaten, ugi dados wujuding raos syukur, kesanggeman, lan kasetyan anggèn kita ndhèrèk Sang Kristus. Manawi pangibadah dipun mangertosi minangka wujud pangrimatipun Gusti Allah, mila boten saged kapisah kaliyan sikap sadhar kanggé tansah niti priksa gesang pibadi ing saben dinten. Sikep sadhar ing ngriki ngemu teges: purun nampi lan nglampahi punapa kemawon ingkang wonten ing sauruting gesang; sawernaning prekawis lan momotan, malah ugi pepejah. Sadaya punika boten badhé saged nebihaken punapa misahaken Allah saking gesang kita. Ingkang pungkasan, wonten tigang prekawis kedah kita gatosaken:

  1. Gusti Allah punika setya, adil, kebak ing sih-mirma, mila tansah ngrimati umatipun, sanadyan umatipun tansah ngedumel, mèri-drengki, lan anggenipunngibadah boten kanthi gumolonging manah.
  2. Makarya punika dados salah satunggaling wujud pangibadah kita ing ngarsanipun Gusti, mila kita kedah tansah niti priksa malih sedaya pakaryan ingkang sampun katindakaken. Kanthi makaten kita saged sinau kanggé tansah setya nindakaken pakaryan, nyepengi pasarujukan ingkang sampun kadamel, netepi pranatan padamelan kanthi saé, lan tansah  njagi  sesambetan ingkang  sae  kaliyan  tiyang sanes. Kita kedah tansah mitadosi sih kamirahanipun Allah ing salebeting pakaryan kita.
  3. Wonten 3 pratandha bilih tiyang punika sinebat pribadi ingkang saèstu mitadosi pangrimatipun Gusti, inggih punika:
  • tansah nindakaken pangibadah padintenan
  • boten gampil nglepataken dhiri pribadi lan tiyang sanès, punapa malih Gusti Alla
  • mangertosi kersanipun Gusti ing gesangipun lan tansah lumampah cundhuk kaliyan sabdaning Allah.

Manawi sedaya punika sampun lumampah, ateges pangibadah kita sampun dados wujud syukur dhumateng sih katresnan lan pangrimating Allah. Amin.