Info Ibadah
Deskripsi:
Pasamuwan ingkang kinasih,
Punapa ingkang dados motivasi panjenengan saged andum berkah utawi ‘memberi’ kalian tiyang sanes? Mbok menawi wonten kathah motivasi ‘memberi’ utawi andum berkah. Wonten ingkang motivasinipun salah, contonipun badhe pamer, supados dipunanggep tiyang sanes, lsp. Ananging ugi wonten alasan utawi motivasi ingkang leres nggih punika wujud raos syukur lan salah setunggalipun malih nggih punika raos welas asih dateng tiyang sanes.
Kinten-kinten panjenengan ingkang pundi?
Wonten waosan kita ugi nelakekan bab WELAS ASIH nggih punika Sih Piwelasipun Gusti dateng tiyang kathah.
Waosan kita punika nelakaken bilih Gustu Yesus kanthi nitih prau tindak sumingkir wonten ing papan ingkang sepen utawi mengasingkan diri nalika Gusti Yesus mireng pawartos bilih Yokanan Pambaptis dipunsedani. Gusti Yesus saestu ngraosaken kaprihatosan ingkang lebet awit sedanipun Yokanan Pambaptis. Nalika Gusti Yesus tindak sumingkir, malahan kathah tiyang ingkang sami mangertosi bab Gusti Yesus lajeng sami nyusul Gusti Yesus. Miyosipun mboten saking lautan ananing saking daratan. Wonten ing raos kaprihatosan ingkang dipunraosaken Gusti Yesus awit sedanipun Yokanan Pambaptis punika, penggalihipun trenyuh lan tetep kagungan Sih Piwelas dumateng tiyang kathah punika. Wonten ingkang sakit, kaluwen, lan mbetahaken pitulungan. Lan Gusti Yesus nelakaken sih piwelasipun dateng tiyang ingkang sakit punika kanthi nyarasaken tiyang ingkang sakit. Lan wonten ing wanci ndalu, para sakabatipun Gusti Yesus punika sowan wonten ngarsanipun Gusti Yesus, nyenyuwun supados Gusti Yesus dhawuh dateng tiyang kathah punika sami tumbas tetedan wonten ing dhusun-dhusun. Awit para sakabat punika menggalih kados pundi supados tiyang kathah punika mboten sami keluwen, awit para sakabat punika mboten sami mbeta tetedan utawi sangu ingkang cekap kangge tiyang kathah. Ananging Gusti Yesus ngendika : “Ora usah padha lunga, kowe wae padha menehana mangan” (Ayat 16). Ananging para sakabat namung gadah gangsal roti lan kalih ulam lan sami dipunaturaken dateng Gusti Yesus wujud raos syukuripun para sakabat.
Mirsa bab punika lajeng Gusti Yesus nindakaken Sih Piwelasipun dateng para sakabat lan tiyang kathah punika kanthi mberkahi gangsal roti lan kalih ulam punika. Gusti Yesus tumenga marang ing langit lan ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake dateng para sakabat lan para sakabat ngedum dateng tiyang kathah punika. Sedaya tiyang sami nampi lan dhahar, ngantos sami tuwuk. Langkung-langkung taksih wonten turahan, diklumpukake dados kalih welas (12) wakul kebak. Ingkang sami nedha kala wau punika cacahipun 5000 tiyang kakung, dereng tiyang estri lan bocah dereng kaetang. Punika nelakaken bilih ingkang dados kabetahanipun manungsa, Gusti paring, langkung-langkung maluber-luber.
Mila saking pangandikanipun Gusti punika kita saged sinau kados pundi Gusti Yesus paring Sih Piwelasipun dateng para sakabat lan tiyang kathah punika ingkang ndatengaken berkah. Gusti Yesus mujudaken preduli lan welas asih dateng manungsa. Cetho saking waosan kita nggih punika kalih perangan anggenipun Gusti Yesus mujudaken Sih Piwelasipun. Ingkang sepisan, nggih punika nyarasaken tiyang kathah ingkang nandang sakit. Gusti Yesus ngraosaken trenyuh ingkang lebet, mila Gusti nyarasaken tiyang sakit. Ingkang kaping kalih, nggih nalika Gusti mberkahi gangsal roti lan kalih ulam kanthi dedonga lajeng roti lan ulam punika dados kathah lan saged nyekapi kabetahanipun tiyang kathah lan para sakabat malahan ngantos maluber-luber.
Pasamuwan ingkang kinasih,
Kita pitados bilih awit Sih Piwelasipun Gusti, Gusti paring berkah kacekapan langkung-langkur maluber-luber wonten ing gesang kita. Ananging wonten setunggal perangan ingkang kedah kita gatosaken nggih punika bab rela andum berkah utawi memberi.
Wonten ing waosan kita sinten ingkang rela nyaosaken ulam kalian roti? Nggih para sakabat. Menawi para sakabat mboten nyaosaken roti kalian ulam punika temtu cariyosipun benten, mboten wonten mujizat ingkang dipundamel Gusti Yesus tiyang kathah punika mbok menawi ngantos keluwen.
Mila bab ingkang wigati :
- Mboten namung remen nampi sih piwelasipun Gusti ananging ugi saged nindaken sih piwelas dateng tiyang sanes kanthi andum berkah utawi memberi kanthi rela. Awit nalika kita saged andum berkah kanthi rela saestu punika datengaken berkah dateng tiyang kathah. Memberi utawi andum berkah punika kathah ingkang saged kita lampahi. Andum berkah dateng tiyang ingkang kekirangan, andum berkah kanthi kawigatosan dateng tiyang sanes, mboten namung gatosaken diri kita piyambak, andum berkah kathi preduli kalian kaowntenanipunn tiyang sanes. Punika saestu datengaken berkah dateng tiyang sanes lan diri kita piyambak.
- Dasaripun utawi motivasinipun andum berkah nggih punika katresnan. Motivasinipun punika raos syukur kita dumateng Gusti Allah, mboten pamer napa malahan supados dialem tiyang sanes.
- Ampun kuwatos kekirangan menawi kita andum berkah dateng tiyang sanes. Awit saking panguaosipun Gusti Allah piyambak ingkang paring berkah kacekapan dateng gesang kita.
Mila para sedherek, kedahipun saestu kita tansah ngaturaken syukur kita wonten ngarsanipun Gusti awit Sih Piwelasipun Gusti dateng kita, kanthi kita ugi saged mujudaken sih piwelasipun Gusti wonten ing gesang kita kanthi rela andum berkah dateng tiyang sanes kanthi dasar raos syukur kita dumateng Gusti Allah. Ampun kuwatos kekirangan, Gusti piyambak ingkang paring kacekapan. Amin.