19 Juli 2020 – Tansah Pitados ing Satengahing Tantangan lan Panandhang

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 19 Juli 2020
Pelayan Firman Pdt. Yosef Krisetyo Nugroho, S.Sos, M.Div
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

Matius 13:24-30, 36-43

Pasamuwan kinasih,
Wonten satunggaling pitakènan, “Sinten ing antawis kita ingkang kepéngin nampèni tantangan lan panandhang?” Wangsulanipun temtu, “Boten wonten tiyang ingkang ing gesangipun kepéngin nampi tantangan lan panandhang!” Ananging menawi pitakènanipun dipun gantos, “Sinten ing antawis kita ingkang ing gesangipun dereng naté ngadhepi tantangan lan panandhang?” Wangsulanipun temtu, “Sedaya tiyang temtu sampun naté ngalami tantangan lan panandhang ing gesang!” Sedaya manungsa kedah nampèni kasunyatan bilih tantangan lan panandhang punika pérangan ingkang kedah dipun adhepi nalika manungsa taksih gesang ing alam donya.

Kénging punapa manungsa ngadhepi tantangan lan panandhang? Saking waosan kita ing Minggu punika, kita badhé manggihaken kalih prekawis, inggih punika:

(1) Tantangan lan panandhang tuwuh jalaran dosa lan kalepatipun manungsa piyambak. Tuladhanipun inggih umat Israel ingkang saweg ngalami panandhang awit mapan ing Babel minangka bangsa buangan. Punapa sebabipun umat dados bangsa ingkang kabucal dhateng Babel? Jalaranipun umat sampun tumindak dosa kanthi gesang nyingkur tuwin boten setya dhateng dhawuhipun Allah.

(2) Tantangan lan panandang tuwuh jalaran perjuangan iman. Kados dene. Rasul Paulus naté dipun cepeng, dipun siksa lan dipun kunjara awit anggènipun mbabaraken Injil. Mitadosi tuwin mujudaken bebener ing jagad ingkang kebaking kadurjanan mesthi badhé nuwuhaken tantangan lan panandhang awit boten dipun tampi déning jagad. Ing kawontenan jaman samangké umpaminipun, boten gampil dados tiyang jujur ing satengahing masyarakat utawi lembaga ingkang korup. Boten pikantuk pangalembana, tiyang jujur malah dipun singkiraken utawi dipun arah cilakanipun déning tiyang-tiyang sanès ingkang rumaos rugi.

Tantangan lan panandhang ing gesang asring damel sawetawis tiyang pitados dados ringkih tuwin kécalan iman. Panandhang asring damel tiyang pitados kesupèn dhateng jati dhirinipun minangka para putranipun Gusti satemah gesang kèlu ombyaking jagad. Tuladhanipun: awit nandhang sesakit awrat tuwin sampun dangu boten énggal saras, wonten tiyang pitados ingkang lajeng nyingkur Gusti srana pados pitulungan dhateng dukun. Amargi kaancem dening pimpinan ingkang boten jujur ing papan nyambut damel, wonten tiyang pitados ingkang pados aman kanthi cara tumut boten jujur kados sanèsipun. Amargi boten naté minggah pangkat mila wonten tiyang pitados ingkang gantos keyakinan supados énggal minggah pangkat. Kathah tuladha sanès ingkang saged kaaturaken, nanging ingkang wigatos inggih punika: Pamblasar wekasanipun mesthi bilai. Pramila tumraping para tiyang pitados, sanajan kedah ngadepi tantangan lan panandhang ing gesang, kita ngupaya supados jati diri kita minangka putranipun Allah boten luntur utawi sirna.

Pitakèn ingkang wigatos tumrap kita inggih punika: Kados pundi caranipun supados kita saged njagi jati diri kita ing satengahing tantangan lan panandhang? Waosan pangandhikanipun Gusti ing wanci punika memulang:

(1) Tetepa pitados tuwin sampun ngantos nyingkur Gusti. Dhateng umat ingkang saweg nandhang minangka bangsa buangan ing Babel, Gusti Allah mratèlakaken pribadinipun minangka Ratu, Panebus Israèl tuwin Yéhuwah Gustining sarwa dumadi (Yes 44:6a). Kanthi pratéla punika Gusti Allah boten namung nedahaken panguwaosipun dhateng manungsa lan jagad, nanging ugi nélakaken anggènipun karsa makarya srana nebus umat kagunganipun. Gusti Allah boten kèndel kemawon nalika mirsa umat kagunganipun gesang ing panandhang. Mila leres keyakinanipun tiyang Jawi bilih “Gusti boten nate saré.” Gusti Allah tansah makarya saking kala rumiyin, wekdal punika lan salaminipun.

(2) Pitadosa bilih Gusti Allah boten ngèndelaken kadurakan ingkang ndadosaken tiyang pitados nandhang. Badhé dumugi titi wancinipun Gusti nyuwun tanggel jawab tumrap sedaya, ing ngriku kadurakan badhé sirna déning latuning paukuman. Menawi samangké wonten tiyang ingkang rumaos bilih kadurakan dipun kèndelaken Gusti Allah satemah wonten ingkang wicanten: “Tiyang leres gesang nandhang déné tiyang duraka gesang mulya.” Pasemonipun Gusti Yésus bab lalang ing antawisipun gandum nerangaken bilih menawi lalang punika dipun jabut wekdal samangké temtu gandumipun badhé katut. Ananging bénjang, nalika mangsa panèn, Gusti badhé misahaken alang-alang saking gandum tuwin sedaya lalang badhé kabucal ing latu. Kedah ugi dipun ènget bilih pasemon punika boten namung mucalaken bilih Gusti boten badhé ngèndelaken kadurakan, awit pasemon punika inggih ngèngetaken kita bilih menawi sampun dumugi wancinipun Gusti badhé ngersakaken tanggel jawab kita: kita kalebet alang-alang utawi gandum.

(3) Tansah èngeta dhateng pangajeng-ajenging para pitados bilih kita punika ahli waris Kraton Swarga. Sandayan wekdal samangké tiyang pitados kedah nyanggi panandhang awrat, nanging sampun ngantos imanipun dados ringkih lan kécalan pangajeng-ajeng. Panandhang ingkang kedhah dipun alami tiyang pitados ing wekdal punika èstunipun boten timbang menawi kabanding kaliyan kamulyan ingkang badhé kaparingaken déning Gusti. Rasul Paulus maringaken gegambaran panandhang ingkang samangké dipun alami para pitados punika kados sakitipun pawestri ingkang badhé babaran. Babaran punika sakitipun linangkung, wonten ingkang nggambaraken kados déné dipun coblos dom cacah sewu. Ananging sasampunipun jabang bayi lair sedaya raos sakit punika ical lan ginantosan kabingahan ingkang tanpa pepindhan.

Kita punika para putraning Allah, pramila sumangga sampun ngantos tantangan lan panandhang dados jalaran sirnaning kapitadosan kita. Sumangga tansah ngudi gesang ingkang cundhuk kaliyan jati diri kita minangka para putaning Allah, ahli waris Kraton Swarga. Amin.