13 September 2020 – Patunggilan ingkang Sami Apura-ingapura

Info Ibadah

Tanggal Ibadah 13 September 2020
Pelayan Firman Pdt. Elizabet Emilia Putri, S.Si.
Bahasa Pengantar Bahasa Jawa

Deskripsi:

DOWNLOAD PDF: Tata Pangibadah Brayat 13 September 2020

Matius 18:21-35

“Dipuntampi kanthi legawa!” Asring panjenengan mireng utawi ngendika bab punika dateng tiyang sanes. Napa toh tegesipun legawa? Miturut Kamus Pepak Basa Jawa (Slamet Mulyono, 2008), legawa tegesipun “ikhlas, rila”. Tembung punika asring dipunaturaken nalika wonten tiyang ingkang ngadhepi perkawis gesang ingkang awrat, ngraosaken kaprihatosan gesang, ugi mbok menawi nampi pacoben wonten ing gesangipun, lajeng kita utawi tiyang sanes matur kanthi tembung “mbok sampun dipuntampi kanthi legawa mawon”. Ancasipun nggih punika supados kita utawi tiyang sanes ingkang ngadhepi perkawis utawi kaprihatosan punika saged nampi kanthi ikhlas utawi rila. Mirungganipun legawa nalika kita ngadepi tiyang sanes ingkang sikapipun punika mboten sae dateng kita. Ananging asringipun manungsa punika mboten saged legawa utawi nampi kanthi ikhlas anggenipun nglampahi gesang ingkang kathah perkawis punika. Langkung-langkung nalika kita ngadhepi tiyang sanes ingkang sikapipun mboten sae dateng kita lan ndamel tatu wonten ing manah kita. Kita gadahi pepengenan supados saged mbales. Menawi saged mbalesipun punika langkung ageng tinimbang ingkang dipuntindakaken tiyang sanes dateng kita. Kita dereng saged nampi sedaya punika kanthi legawa, nggih salah setunggalipun legawa kanthi ngapunteni.

Wonten waosan kita ugi nelakaken piwulangipun Gusti Yesus bab ngapunteni. Kedahipun umatipun Gusti punika saged kanthi legawa ngapunteni tiyang sanes. Awit ngapunteni punika tan winates, karana katresnan punika ugi tan winates, sabar punika ugi tan winates. Bab punika ingkang dados pitakenan Petrus dateng Yesus Kristus : “Gusti, menawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?” (ayat21). Mbok menawi pemanggihipun Petrus ngapunteni ngantos kaping pitu punika sampun sae sanget lan temtu Gusti Yesus bingah, awit wonten prajanjian lami mawon nyerat ngapunteni ngantos kaping tiga. Ananging Petrus malahan kaget kalian napa ingkang dipunngendikaken dening Gusti Yesus bilih ngapunteni punika ping pitungpuluh ping pitu (70×7 kali). Temtu wangsulanipun Petrus mboten wonten napa-napane tinimbang napa ingkang dipunngendikaken dening Gusti Yesus. Lan Gusti Yesus paring piwulang kanthi pasemon abdi ingkang mboten saged ngapuntenipuni. Kacarios wonten ratu ingkang karsa etang-etangan kalian abdinipun. Lan nalika etang-etangan wonten setunggal abdi ingkang gadahi utang saleksa talenta (sedasa ewu talenta (10.000)). etang-etanganipun mekaten : 1 talenta punika sami kalian 10.000 dinar. Mila menawi utangipun 10.000 talenta sami mawon kalian 100 yuta dinar. Padahal upah abdi setunggal dinten punika namung 1 dinar. Mila abdi punika saged nglunasi utangipun menawi nyambut damel ngantos 100 yuta dinten dateng ratunipun utawi kirang langkung   273 tahun. Tegesipun abdi punika mboten saged nglunasi utang punika. Badhe nyade punapa kemawon ingkang dipungadahi nggih mboten saged, nyade semah (istri) lan putranipun nggih tetep mboten cekap. Mila paukumanipun abdi punika kalian semah lan putranipun dipunkunjara. Mireng paukuman saking ratu, lajeng abdi punika sujud wonten ngarsanipun ratu nyuwun welas asihipun sang ratu. Lan sang ratu trenyuh dateng abdinipun, lajeng utangipun dililakaken. Punika kanugrahan ageng ingkang dipuntampi dening abdi. Katresnanipun sang ratu punika saestu ageng dateng abdinipun. Lajeng saksampunipun abdi punika medal saking ruang pengadilan, piyambakipun pinanggihan kalian abdi ingkang sanes ingkang gadahi utang dateng piyambakipun, jumlahipun namung 100 dinar. Temtu langkung ageng jumlah abdi dateng ratu tinimbang utang kancanipun dateng piyambakipun. Ananging, kanugrahan ingkang dipuntampi abdi punika saking ratunipun, mboten dadosaken abdi punika ugi gadahi welas asih dateng kancanipun ingkang gadahi utang dateng piyambakipun. Piyambakipun meksa kancanipun nglunasi utangipun. Lan nalika kancanipun sujud lan nyuwun welas asihipun abdi punika, abdi punika mboten preduli malahan ngantos ditekak gulune. Ratu mireng bab napa ingkang dipuntindakaken abdinipun dateng kancanipun. Punika saestu ndadosaken duka sang ratu, lan ratu punika masrahaken abdinipun dateng algojo wonten ing pakunjaran ngantos utangipun lunas.

Pasamuwan ingkang kinasih,

Sang ratu punika gambaran Gusti Yesus lan abdi punika kita manungsa. Kita sedaya punika sampun nampi kanugrahan saking Gusti nggih punika Gusti sampun ngapunteni sedaya dosa lan kalepatan kita. Punika wujud katresnanipun Gusti Allah. Ananging kasunyatanipun nalika kita sampun ngraosaken katresnanipun Gusti lan nampi kanugrahanipun, nalika wonten tiyang sanes ingkang gadahi kalepatan dateng kita, kita mboten saged nindakaken kados napa ingkang Sang Ratu tindakaken dateng gesang kita. Angel anggenipun kita ngapunnteni. Mila ingkang kedah kita sinau :

  1. Legawa anggenipun ngapunteni tiyang sanes

Nampi kanthi ikhlas, rila napa ingkang dipuntindakaken tiyang sanes dateng kita ingkang ndamel tatu wonten ing manah, mboten sah dieling-eling, lan mboten mbales. Punika legawa! Manah kita ayem, tiyang sanes nggih bingah. Ingkang dipunemut bab ingkang sae-sae mawon, ingkang awon pun dilalike mawon. Kados Gusti Yesus ingkang mboten nate ngemut napa ingkang dados kalepatan kita.  Ngapunteni punika ‘membebaskan’ tiyang sanes ugi diri kita piyambak.

  1. Ngapunteni punika tan winates

Punika ingkang asring dados pitakenan kita ugi, ngantos kaping pinten anggenipun kita ngapunteni tiyang sanes? TAN WINATES. Menawi katresnan lan sabar punika wonten batesanipun tegesipun punika sanes tresna lan dereng sabar. Mboten ateges kita punika lemah, gampangan, ananging punika wujud welas asih ingkang dipunngendikaken Gusti Yesus. Gusti anggenipun nresnani lan ngapunteni kita mawon tan winates kok.

Punika ingkang kedah lampahi wonten ing gesang kita. Mangga kanthi legawa ngapunteni tiyang sanes lan ngapunteni punika tan winates. “Menawi tiyang sanes ndamel tatu wonten ing manah kita, mangga dipunserat wonten ing wedhi, ananging menawi tiyang sanes nindakaken kabecikan mangga dipunserat wonten ing sela”. Gusti mberkahi. Amin.