Info Ibadah
Deskripsi:
Menawi kita badhe ngawontenaken acara syukuran (bidston), limrahipun kita nyawisaken sedaya uba rampenipun kanthi satiti. Papan kagem syukuran dipunresiki, dipuntata, pasugatanipun dipuncawisaken, uleman dipunsebar, lsp. Kita ngraosaken bombong, lega menawi sedaya sampun cumawis kanthi prayogi lan tamu ingkang rawuh ugi kathah. Kosok wangsulipun, menawi sedaya sampun cumawis ananging tamu ingkang rawuh namung sakedhik, kita ngraosaken gela, sedhih.
Mekaten ugi gambaran kuciwanipun Sang Nata/Sang Ratu wonten ing pasemonipun Gusti Yesus dinten punika. Sedaya sampun cumawis, ananging tiyang ingkang nampi uleman mboten sami nggatosaken, sami sibuk piyambak-piyambak. Uleman sepisan dipunsebar, mboten purun sami sowan. Uleman kaping kalih ugi dipunsebar, dipunterangaken punapa kemawon ingkang sampun dipuncawisaken Sang Nata. Hasilipun sami, tiyang-tiyang punika mboten purun sowan, malah sami sibuk piyambak-piyambak (wonten pategalan, ngurus padaganganipun), abdi ingkang dipunutus mbabar uleman ugi malah dipuncepeng lan dipunaniaya. Lajeng Sang Nata paring utusan nyebar uleman malih wonten ing margi-margi, sok sintena ingkang dipunprangguli dipunparingi uleman. Tamu-tamu kathah ingkang rawuh, ananging Sang Nata duka nalika pirsa wonten tamu ingkang mboten ngagem sandhangan pesta, punika nedahaken bilih tamu punika mboten ngurmati Sang Nata ingkang paring uleman. Kita saged mbayangaken kados pundi kuciwanipun Sang Nata ingkang mirsani sedaya kawontenan punika.
Sejatosipun Pasemon punika nggambaraken kados pundi Gusti Allah paring uleman tumrap kita lumebet ing Kratoning Swarga. Gusti Allah sampun wongsal-wangsul paring sabda bab gesang langgeng ayem tentrem ing Kraton Swarga, ananging kita mboten mirengaken pangandikanipun Gusti. Sedaya berkah sampun dipuncawisaken Gusti, ananging kita langkung sibuk ngurusi gesang kita piyambak-piyambak. Kita mawas bilih perkawis-perkawis ing gesang kita punika langkung aji tinimbang pangandikanipun Gusti. Wonten ugi ingkang mirengaken Gusti ananging mboten dipungatosaken lan mboten dipuntindakaken, punika kagambaraken tiyang ingkang sowan pahargyan ananging mboten ngagem sandhangan pesta.
Pasemon punika ngemutaken bilih sejatosipun kita manungsa ingkang dosa, mboten pantes sowan Gusti. Ananging wit gung sih katresnanipun Gusti, Gusti piyambak ingkang nimbali kita. Punika berkah ingkang kedahipun kita tampi kanthi kebak raos sokur lan urmat ingkang kita wujudaken kanthi mirengaken lan nindakaken timbalanipun Gusti. Mboten namung mirengaken, ingkang sak klebatan lajeng ical. Ananging saestu kanthi tumemen mirengaken, ngraosaken, lan nindakaken timbalanipun Gusti. Gusti nimbali/Gusti paring pangandika saged lumantar kathah margi, saged lumantar pepujen, renungan, pangibadah, lan ugi saged lumantar pangandikanipun tiyang sanes.
Wulan Brayat taon punika mirunggan awit kita taksih wonten ing satengahing pandemi. Wewengan sesarengan kaliyan brayat langkung kathah, saged dados sarana ngraketaken brayat, ananging ugi saged nambah wontenipun regejegan ing satengahing brayat. Pangandikanipun Gusti ing dinten punika bab “Mirengaken Gusti Allah” mugi saged dados tambahing kakiyatan lan semangat anggen kita mbangun gesang bebrayatan kita. Ing satengahing perkawis-perkawis ing gesang bebrayatan, kathah suwanten ingkang mbereg kita dados tiyang ingkang namung nengenaken pikajeng kita piyambak, wekdal punika kita dipunemutaken malih, bilih Gusti nimbali kita dados brayat ingkang kebak ing katresnan.
Kita sampun asring mireng pangandikanipun Gusti anggenipun nimbali kita supados nresnani lan mitulungi brayat, sakpunika sumangga kita titipriksa : punapa kita saestu sampun sami dene nresnani, sami dene jujur, sami dene setya antawisipun suami – istri, sami dene ngajeni tiyang sepuh – lare? Punapa timbalan punika sampun saestu kita tindakaken ing satengahing brayat kita?
Sumangga agenda ing Wulan Brayat tahun 2020 : pangibadah brayat, sarasehan, lomba-lomba (lomba ngidung, kuis keluarga) ing Wulan Brayat punika kita dadosaken sarana rumaketing brayat. “Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih.” (ay. 14). Sumangga kita dados tiyang ingkang pinilih, dados tamunipun Sang Nata, ingkang sowan ing pahargyan kanthi ngagem sandhangan pesta minangka wujud urmat lan pamatur nuwun kita awit uleman agung ingkang sampun kita tampi. Gambaran tamu ingkang sowan ngagem sandhangan pesta punika saged kita wujudaken kanthi mirengaken lan nindakaken pangandikanipun Gusti kanthi mbangun sesambetan ingkang langkung rumaket wonten ing brayat kita. Amin.