Sing Salah Seleh

Renungan

Sing Salah Seleh

  • 4 November 2026
  • 06:00 WIB
  • Hesty Murwasari

Rabu, 4 November 2026
Mateus 15:8
_Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene, dene atine adoh karo Ingsun._

SING SALAH SELEH

Kuldi punika sato kewan ingkang asring dipun anggep bodho, leda-lede, lan manutan, ananging kuldi boten badhe dhawah ing jeglongan ingkang sami, boten sami kaliyan sato kewan sanesipun. Sinaosa kaanggep bodho lan manutan nanging boten badhe mbaleni kaluputanipun. Wonten bebasan, sing sapa salah seleh. Ananging kathah tiyang ingkang boten ngrumaosi kalepatanipun. Nalika dipun emutaken dening tiyang sanes boten mesthi nampi kanthi legawa, sami rumaos bener piyambak. Ingkang ngemutaken malah dipun sengiti.

Gusti Yesus sanget dukanipun dhateng para pangarsaning agama, mliginipun tiyang Farisi kaliyan para ahli Toret. Awit punapa ingkang dipun tindakaken punika namung lamis, boten saleresipun, boten sawontenipun. Ingkang dipun tindakaken namung saderma tata lair, dene batosipun boten makaten. Nindakaken pranatan agami namung kangge pados pangalembana lan supados kaangge sae, nanging manahipun sami nebih saking karsanipun Gusti Allah, boten wonten raos tresna lan welas asih. Tiyang-tiyang punika remen nutup-nutupi tumindak lepatipun kangge njagi kawibawan tuwin harga dhirinipun.

Tiyang lamis punika sajatosipun tiyang ingkang ingkang remen nutupi kakiranganipun lan kalepatanipun mawi cara ingkang boten sae. Ing sakngajengipun tiyang kathah tumindak kados tiyang mursid, kamangka sejatosipun namung ethok-ethok kemawon. Menawi dipun emutaken punapa dipun welehaken sami boten remen lan malah saged nglawan dhateng tiyang ingkang ngemutaken. Kamangka Gusti Yesus anggenipun duka punika margi saking tresnanipun, supados tiyang-tiyang punika sageda sami ngewahi gesangipun langkung sae.

Sumangga kita dados pribadhi ingkang sembada, purun ngakeni kalepatan lan nampi pameleh kanthi nglenggana. Purun sumeleh awit kalepatanipun punika sikep ingkang prayogi awit Gusti nresnani tiyang dosa ingkang saestu mratobat. Amin.

# Renungan Sabda Winedhar Sinode GKJ

Kategori:
Hesty Murwasari
Tentang Penulis

Hesty Murwasari

Tim Pelayanan Firman & Warta GKJ Rewulu

GKJ Rewulu

Tuhan Yesus Memberkati Kita Semua

Bagikan Berkat

Bagikan artikel ini kepada keluarga & sahabat

Komentar

0 Komentar

Tulis Komentar

Belum Ada Komentar

Jadilah yang pertama memberikan komentar.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Artikel Terkait