Info Ibadah
Deskripsi:
Pasamuwan ingkang kinasih,
Wonten setunggal peribahasa ingkang mekaten :“Bagaikan makan buah simalakama”. Temtu panjenengan sedaya pirsa tegesipun. Tegesipun nggih punika ‘serba salah’. Kejebak wonten ing kalih pilihan ananging pilihanipun punika sedayanipun beresiko utawi bahaya. Lan wonten waosan kita wekdal punika, Gusti Yesus wonten ing posisi ‘bagaikan makan buah simalakama’. Kenging punapa?
Awit dipuncariyosaken bilih wonten wekdal punika Gusti Yesus nampi pitakenan saking tiyang Farisi lan tiyang Herodhian bab mbayar paos (pajeg) dhateng Sang Nata Agung punika kenging napa mboten? Tiyang Farisi sami mboten remen dhateng Gusti Yesus awit tiyang Farisi kuwatos bilih Gusti Yesus saged nyingkiraken popularitasipun tiyang Farisi. Sejatosipun pitakenan ingkang dipunaturaken dening tiyang Farisi kaliyan tiyang Herodhian punika kangge njebak Gusti Yesus supados Gusti Yesus mboten saged paring wangsulan saking pitakenan punika. Menawi Gusti Yesus paring wangsulan kedah mbayar paos/pajeg dhateng Sang Nata, temtu punika dados perkawis, Gusti Yesus kaanggep dados pengkhianat bangsa Yahudi ingkang kajajah dening pemerintahan Romawi. Ananging menawi Gusti Yesus paring wangsulan mboten, Gusti Yesus kaanggep pemberontak dening pemerintahan Romawi. Ananging Gusti Yesus mboten gampil kacoba dening tiyang Farisi, awit Gusti Yesus pirsa menawi tiyang Farisi punika nyoba Gusti Yesus. Mila Gusti Yesus dhawuh dateng tiyang Farisi lan Herodhian punika kangge nyaosi arta dinar, lan nyebataken wonten gambar lan seratanipun sinten wonten ing arta punika. Lan tiyang Farisi sami mangsuli : Gambar saha seratanipun Sang Nata. Saking bab punika Gusti Yesus ngendika : “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.” (Ayat 21). saking bab punika sejatosipun Gusti Yesus badhe nelakaken bab KETAATAN. Temtu taat dateng Sang Nata kalian Gusti Allah mboten sami. Taat dateng Sang Nata cekap kanthi arta dinar, ananging taat dhateng Gusti Allah temtu sanes bab arta dinar kemawon. Ketaatan dhateng Gusti Allah ugi mboten dibatesi kanthi punapa kemawon. Sang Nata punika gadahi batesan panguwaos ananging panguwaosipun Gusti Allah punika tanwinates.
Mila tembung “aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah” ingkang dipun ngendikake dening Gusti Yesus punika bab ingkang saestu wigati. Tegesipun Gusti Allah punika prioritas gesang kita. Ingkang dados pitakenan napa ingkang kedah dipunaturaken kagem Gusti Allah? Nggih punika Gesang kita sakwetahipun ingkang TAAT lan taatipun punika ugi tanwinates. Ananging mboten namung mandeg bab TAAT dhateng Gusti Allah. Menawi kita taat dhateng Gusti Allah tegesipun kita punika ugi taat dhateng bab ingkang sanes, kanthi dhasar bab punika cundhuk kalian prinsip pakaryanipun Gusti Allah. Mila Gusti Yesus ngendika aturna marang Sang Nata kang wajib kaaturake marang Sang Nata lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.
Pasamuwan ingkang kinasih,
Bab taat ugi saged kita mangertosi kanthi tembung patuh. Kita saged taat utawi patuh dhateng pemerintahan awit kita punika taat/patuh dhateng Gusti Allah. Semanten ugi nalika kita taat dumateng para pemimpin ingkang wonten ing jagad punika tegesipun dados wujud anggenipun kita punika taat dhateng Gusti Allah. Sedayanipun kagem Gusti Allah lan awit kamulyanipun Gusti Allah.
Pirembagan bab taat, wonten ing wulan brayat punika kita ugi badhe ngraos-ngraosaken wonten ing swasana brayat kita piyambak-piyambak. Taat punika kedah kita wujudaken awit tandha kita punika ugi taat dhateng Gusti Allah. Ananging taatipun punika mboten sembarangan taat, taat ingkang saestu cundhuk kalian kersanipun Gusti Allah. Wonten ing brayat, bab taat punika ugi kedah kita wujudaken.
- Taat dhateng tiyang sepuh
Tiyang sepuh punika pemimpin wonten ing brayat. Menawi kita dados anak saged taat utawi patuh dhateng tiyang sepuh tegesipun kita punika taat ugi dhateng Gusti Allah. Ngajeni tiyang sepuh. Sanadyan sampun sukses, sampun saged pados arta piyambak mboten bergantung malih kalian tiyang sepuh ananging bab ngajeni tiyang sepuh punika kedah kita lampahi. Mboten nyia-nyia tiyang sepuh kita, malahan kita kedah ngrimati tiyang sepuh kita. Napa malih menawi tiyang sepuh kita sampun saestu ringkih, tugas anak nggih punika ngrimati tiyang sepuh dados wujud kita punika taat. Awit rumiyin nalika kita alit ngantos saged dewasa punika ugi awit saking panggulawenthahipun tiyang sepuh. Taat dhateng tiyang sepuh punika tegesipun mboten nyepeleke napa ingkang dados dhawuh utawi piwulangipun tiyang sepuh. Asring anak punika nyepeleke tiyang sepuh. “ah apa lah bapak ibu ki kolot ora ngerti pergaulan zaman sakiki” tiyang sepuh dipunanggep mboten pirsa napa-napa. Ananging mboten ateges lajeng tiyang sepuh tansah leres lan mboten nampi kritik saking anak. Kadang tiyang sepuh ugi kedah terbuka nampi kritik saking anak.
- Tiyang sepuh ugi kedah taat dhateng peran lan tanggel jawabipun. Napa mawon tugasipun? Kathah. Ngrimati brayat : pasangan, anak, nah punika kedah taat tegesipun kedah tanggel jawab. Tanggel jawab bab kabetahanipun : jasmani, rohani, psikis, lsp.
- Lan temtu ingkang wigati nggih punika taat dhateng Gusti Allah kanthi nindakaken punapa ingkang dados dhawuhipun miturut sabdanipun Gusti.
Mila mangga kita kedah mujudaken gesang ingkang taat. Salah setunggalipun wonten ing brayat kita. Taat dhateng tiyang sepuh, taat wonten ing tanggel jawabipun tegesipun kita taat dhateng Gusti Allah. Aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah. Amin.