Info Ibadah
Deskripsi:
UNDUH PDF: Tata Pangibadah Brayat 16 Agustus 2020
Pasamuwan ingkang kinasih,
Asring kita punika ngadepi “batasan-batasan”, ingkang mbok menawi asring dadosaken kita punika ngraosaken mboten bebas utawi “terbatasi”. Contonipun mawon wonten ing swasana pandemi covid-19 punika. Kita ngadepi kathah batasan, kedah berjarak kirang langkung 1 meter, nalika pepanggihan mboten pareng kathah-kathah, kedah ngagem masker mboten saged bebas malih nalika ngendikan, wonten penutupipun. Punika batasan ingkang taksih kita adepi wonten ing wekdal punika lan temtu taksih kathah malih batasan-batasan ingkang kita adepi. Ananging batasan wonten ing pandemi punika batesan ingkang ndatengaken kasaenan menawi kita nindakaken, menawi mboten nindakaken malahan ndatengaken bab ingkang mboten sae.
Wonten ing waosan kita punika ugi nelakaken kawontenan ingkang kathah batesan-batesan. Batesan napa toh?
1.Batesan antawisipun tiyang Yahudi kalian non Yahudi.
Kita sedaya mangertosi bilih wonten batesan antawisipun tiyang Yahudi kalian tiyang non Yahudi. Tiyang Yahudi mboten srawung (musuhan) kalian tiyang non Yahudi. Langkung-langkung tiyang Yahudi nganggep tiyang non Yahudi punika tiyang kafir lan mboten dipuntresnani Gusti Allah. Mboten namung bab punika, tiyang Yahudi ugi asring nyebataken tiyang non-Yahudi punika kanthi tembung segawon.
2.Batesan antawisipun tiyang kakung kalian estri
Wonten ing konteks punika tiyang estri saestu mboten gadahi hak kathah kados tiyang kakung. Kedudukanipun wonten ngandapipun tiyang kakung. Peranipun ugi dibatesi lan kedah tunduk kalian tiyang kakung.
Batesan-batesan punika dipunraosaken dening pawestri saking Kanaan ingkang wonten ing wekdal punika nyuwun wonten ngarsanipun Gusti supados saged nyarasaken putrinipun ingkang kapanjingan dhemit. Kita sampun mangertosi kawontenanipun pawestri Kanaan punika mboten gampil, piyambakipun tiyang non-Yahudi langkung-langkung estri lan nyuwun pitulungan dateng Yesus (tiyang Yahudi) piyantun kakung malih. Temtu batesanipun punika kathah. Ananging bab punika mboten ndadosaken pawestri Kanaan punika semplah anggenipun nyuwun pitulungan dumateng Gusti Yesus. Piyambakipun tetep kanthi yakin nyuwun pitulungan dumateng Gusti kanthi nguwuh-uwuh : “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget” (Ayat 22)
Ananging nalika Gusti Yesus mireng panyuwunanipun tiyang estri punika, Gusti Yesus mboten kersa paring wangsulan babar pisan. Langkung-langkung malah para sakabat ingkang nderek kalian Gusti Yesus punika nyuwun supados Gusti Yesus ndawuhi tiyang estri saking Kanaan punika kesah awit swantenipun punika ngganggu awit tiyang estri punika mbengok-mbengok nalika nyuwun pitulunganipun Gusti.
Lajeng Gusti Yesus ngendika dateng tiyang estri punika bilih Panjenenganipun namung kautus madosi menda-menda Banisrael ingkang sami ical kemawon (punika nelakaken batesan antawisipun tiyang Yahudi kalian non-Yahudi, bilih namung tiyang Yahudi ingkang dipuntresnani dening Gusti Allah). Ananging tiyang estri punika lajeng sujud wonten ngarsanipun Gusti, mboten preduli kalian napa ingkang dipunngendikaken Gusti Yesus, piyambakipun matur : “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!” (Ayat 25).
Lajeng Gusti Yesus ngendika : “Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalke marang asu” (tembung asu punika diagem Gusti Yesus kangge nyebataken tiyang non-Yahudi). Ananging bab punika mboten ndadosaken pawestri Kanaan punika sakit hati lan mboten sios nyuwun pitulunganipun Gusti, ananging saestu tetep kanthi yakin lan andhap asor piyambakipun nyuwun pitulunganipun Gusti supados putrinipun saras. Mireng lan pirsa iman kapitadosanipun pawestri Kanaan ingkang ageng punika ndadosaken Gusti Yesus punika kersa nyarasaken putrinipun.
Pawestri Kanaan punika saestu mboten preduli kalian batesan-batesan. Piyambakipun tetep wantun lan pitados bilih Gusti saged lan badhe nyarasaken putrinipun ingkang kapanjingan dhemit. Gusti Yesus ugi nglawan batesan-batesan ingkang sampun wonten ing konteks punika, awit dasaripun punika welas asih. Mila Gusti Yesus kersa nyarasaken tiyang non-Yahudi ugi tiyang estri. Saking napa ingkang dipuntindakaken Gusti Yesus punika nelakaken kados pundi rancanganipun Gusti Allah punika sae, sih katresnanipun punika TANPA BATAS. Sejatosipun nalika Gusti Yesus mboten langsung mujudaken punapa ingkang dados panyuwunanipun tiyang estri punika mboten ateges Gusti Yesus mboten kagungan welas asih, ananging badhe mirsani kados pundi iman kapitadosanipun tiyang estri saking Kanaan punika.
Pasamuwan ingkang kinasih,
Saestu katresnanipun Gusti punika tan winates. Tanpa wates sinten tiyang punika, tanpa wates papan lan wekdal, lan temtu Gusti Yesus punika paring rancangan ingkang endah wonten ing gesang kita. Sanadyan mboten langsung Gusti paring punapa ingkang kita suwun, ananging Gusti sampun pirsa wekdalipun ingkang sae paring punapa ingkang kita betahaken. Gusti Allah mesthi paring pitulungan dateng kita pas miturut wekdalipun Gusti. Mila monggo kita tetep gadahi iman ingkang ageng, kebak pangajeng-ajeng, awit katresnanipun Gusti punika tan winates. Gusti mberkahi. Amin.