Aja Cedhak Kebo Gupak

Renungan

Aja Cedhak Kebo Gupak

  • 19 Oktober 2026
  • 07:13 WIB
  • GKJ Rewulu

Senin, 19 Oktober 2026

Wahyu 18:4

_Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika: “He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane, supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melukena ing wewelake_

AJA CEDHAK KEBO GUPAK

Tetembungan Jawi wonten ingkang nelakaken “aja cedhak kebo gupak”. Sanepan punika badhe nedahaken bilih kita badhe gampil kapilut dening kawontenaning pasrawungan kita. Tuladha kemawon, nalika kita caket kaliyan tiyang ingkang dhemen dhahar sate kambing, kita ugi badhe ndherek remen nedha sate kambing. Nalika kita srawung kaliyan tiyang ingkang remen mirsani konser musik rock, kita ugi badhe ndherek ing kasenengan punika. Punapa kita saged mbayangaken nalika kita srawung kaliyan tiyang ingkang kagungan pakulinan ngrisak lan boten sae?

Wahyu 18:4 ngemutaken kita babagan pangandikanipun Allah ingkang dhawuh supados manungsa nyingkiri perangan-perangan kadurakan ingkang ndhatengaken bebendunipun Allah. Nalika tiyang pitados sampun wiwit srawung kaliyan tiyang duraka lan ketularan ing kadurakanipun, punika sampun sami kawontenanipun kaliyan tiyang duraka. Tiyang pitados kenging kemawon mbangun pasrawungan kaliyan sinten kemawon, ananging sampun ngantos kelu ing swasana lan pungkasanipun ndherek nindakaken kadurakan ingkang ndhawahaken bebenduning Allah.

Sumangga kaaturan menggalih prekawis punika kanthi pitaken dhateng dhiri kita pribadi: punapa anggen kula srawung sampun saestu kanthi mawas dhiri lan boten kelu ing swasana? Punapa anggen kula mbangun sesrawungan punika nuwuhaken woh ingkang becik? Punapa anggen kita milih kanca punika ingkang saestu saged ndadosaken kawontenan kita supados langkung sae malih? Sampun ngantos kita kelu ing swasana namung amargi pasrawungan ingkang boten sae. Boten prelu nyaket dhateng kadurakan. Boten prelu ndherek nindakaken piawon namung amargi gengsi. Bilih boten kepengin ndherek gupak, nggih sampun nyaket dhateng kebo ingkang kebak lendhut. Amin.

# Renungan Sabda Winedhar Sinode GKJ

Kategori:
GKJ Rewulu
Tentang Penulis

GKJ Rewulu

Tim Pelayanan Firman & Warta GKJ Rewulu

GKJ Rewulu

Tuhan Yesus Memberkati Kita Semua

Bagikan Berkat

Bagikan artikel ini kepada keluarga & sahabat

Komentar

0 Komentar

Tulis Komentar

Belum Ada Komentar

Jadilah yang pertama memberikan komentar.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Artikel Terkait